Pasal 9

1 Gatekna, Yesus ngomong, antarane kowe sing nang kene, ora bakal mati sedurunge weruh yen Gusti Allah nguasakna kabeh panguasane. Gusti Yesus dimuliakena 2 Sawise nem dina, Yesus nyengi Petrus lan Yakobus lan sedulure Yohanes, deweke lunga nyepi nang gunung sing duwur. Nang ngarepe deweke Gusti Yesus ganti wujud. 3 Klambine dadi putih pating brelik. Langka wong siji; nang ndunya sing bisa ngumbahi sing bisa resik banget. 4 Terus muride sing telu mau weruh yen Gusti Yesus agi pada ngomong karo Elia lan Musa. 5 Terus Petrus ngomong maring Gusti Yesus, ‘’Pak Guru, seger banget nang kene rasane. Ayuh pada ngedegna kemah: sing siji kanggo Gusti, sijine maning go Musa, lan sijine maning kanggo Elia. 6 Sebenere Petrus ora ngerti apa sing kudu diomongna, jalaran deweke karo kancane sing loro agi pada kewedenan. 7 Terus deweke ketutupan lamuk, nang sajerone lamuk ana swara, ’’Ringokna, ’’Kiyelah anake Gusti Allah sing ditresnani. 8 Deweke terus buru-buru ngontrol nang sekitare, lan ora weruh sapa bae sing nang kono wektu bareng-bareng, kejabane Yesus tok. 9 Wektu deweke medun saka gunung, Yesus ngelingana maring deweke, aja ngomongna maring sapa bae sing wis di ngerteni nang kowe, nganti tekan wektune anak sing asale saka Gusti Allah urip maning saka kematiane. 10 Deweke nuruti pesene, nanging nang antarane wong mau mulaih ana sing kanda, apa sih maksude Yesus, bakal urip maning yen wis mati. 11 Terus deweke takon maring Yesus, ’’nang ngapa para kyai ngomongna, yen Elia mesti tekane bakal lewih disit. 12 Yesus semaur, “Elia pancen tekane lewih disit sebab deweke arep mberesi barang-barang sing ora rapih, nanging kepriwe persoalane tumrap Gustine. Apa sebabe nang sajerone kitab injil wis katulis, yen deweke akeh godaane lan dipitnah wong.? 13 Nanging aku ngomong marang kowe: yen Elia wis teka lan wong-wong pada tumindak sing ala segeleme dewek. Kabeh mau wis klop karo kahanan sing wis katulis nang sajerone kitab Injil. Gusti Yesus marekena bocah sing kelebon roh jahat 14 Wektu Yesus karo murid sing telu wis kumpul karo murid-murid liyane, deweke weruh wong akeh nang kono. Para kyai-kyai agi pada debat karo murid-muride Yesus. 15 Wektu wong-wong pada weruh Yesus, deweke gumun terus mlayu mapag Gustine. 16 Apa sing nang kowe disoalna, bab para kyai-kyai, pitakone Yesus maring para murid-muride. 17 Salah sijine wong, sing antarane wong akeh ana sing semaur, “Pak Guru, aku nggawa anaku maring Gusti. Deweke bisu jalaran keranjingan demit. 18 Nek deweke agi kerasukan demit, awake dibanting-banting maring lemah, cangkeme metu umpruke, untune pating kretek lan awake dadi kejeng. Aku nyjaluk maring murid-muride Yesus supayane ngusir demit-demit mau, nanging deweke ora bisa marekna. 19 Yesus ngomong maring deweke, ’’Ora karuan kowe, sebab kowe bener-bener wong sing imane setitik, nganti kapan aku kudu bareng karo kowe pada hal aku kon kurangapa maring kowe? Gawa ngeneh bocahe. 20 Deweke terus nggawa bocahe maring Yesus. Wektu demite weruh Yesus, terus awake bocah mau kejeng-kejeng terus tiba ngglundung-ngglundung meng lemah, cangkeme metu umpruke. 21 Terus Yesus takon maring ramane, “Wis pirang dina anake guli kesurupan? Ramane semaur, “Wektu esih cilik.” 22 Wis ping akeh demite guli arep mateni maring bocahe, nganggo cara nyemplung maring geni lan nyebur maring banyu sing jero. Nanging nek Gusti bisa nulungi, Gusti sing ikhlas guli nresnani maring aku lan nulungi aku. 23 Kowe ngomong apa? Yesus semaur, aku mesti bisa, apa bae bisa sing penting kowe sing ngandel. 24 Terus ramane bocah mau nggembor, “Gusti, aku ngandel, nanging imanku esih kurang. Tulungi aku supayane tambah jero imanku!” 25 Wektu Yesus weruh wong akeh wis molaih pada kumpul, Yesus prentah maring demite supayane ngomong, ’’demite budeg lan ora bisa ngomong, Yesus prentah siki kowe metu, a saka bocah kuwe lan aja ngrasuk maning!” 26 Demite nyjerit, terus awake bocah mau kaku, terus demite metu saka bocahe. Bocah mau rupane kaya mayid, mulane wong-wong ngarani bocahe wis mati. 27 Nanging Yesus nyekel tangane lan nulungi kon tangi, bocah kuwe terus menyat. 28 Wektu Yesus nang ngumah murid-muride pada teka ora bebarengan, deweke takon maring Gusti, apa sebabe aku ora bisa ngusir demit-demit mau. 29 Yesus semaur, demit semacam kuwe ora bisa diusir nganggo cara apa bae, kecualine nganggo donga. Gusti Yesus ngendika bab kematiane 30 Yesus lan murid-muride ninggalna tempat mau, terus nglanjutna mlakune liwat Galilea. Yesus ora pengin dingertene panggonane, 31 jalaran Deweke agi mulang murid-muride. ’’anak sing asale saka Gusti Allah bakal arep diserahna maring wong sing nduweni panguasa. Sing diucapna nang Yesus, deweke arep dipateni, nanging wektu telung dinane bakal urip maning. 32 Para murid-muride ora paham sing diwulangna nang Yesus, nanging deweke wedi terus takon maring Gustine. Sapa sing paling gede? 33 Deweke tekan Kapernaum. Sawise nang umah, Yesus takon maring murid-muride, kowe nyoalna bab apa nang satengahe perdalanan. 34 Deweke ora semaur, jalaran wektu agi nang ndalan pada padu nyoalaken sapa sing paling gede panguasane. 35 Yesus agi nyjagong, terus ngundang murid-muride sing rolas mau, terus deweke ngomong’’wong sing kepengin dadi nomer siji, deweke kudu gelem dadi sing nang mburi dewek lan kudu gelem nglayani wong akeh. 36 Terus Yesus mbopong bocah cilik, lan bocah cilik mau ngadeg nang ngarepe wong akeh, Yesus ngrangkul bocah kuwe karo ngomong maring penderek-pendereke. 37 Wong sing gelem nampani bocah cilik kiye, sebab saka jenengku, tegese wis melu aku, lan wong sing melu aku, deweke ora melu aku tok, nanging melu uga maring Gusti Allah. Sapa sing ora nglawan inyong kabeh berpihak maring inyong kabeh 38 Terus Yohanes ngomong maring Gusti Yesus, “Pak Guru, enyong weruh wong sing agi ngusir demit, lan jin setan merkayangan, nganggo jenenge Gusti lan enyong ora ngulihna jalaran deweke udu rombonganku. 39 Nanging Yesus ngomong, wong kae aja dipenging, jalaran langka wong siji’a sing bisa nganakna mujizat, nganggo jenengku, terus bisa ngelek-ngelek aku. 40 Wong sing ora nglawan aku, tegese dadi muridku. 41 Eling-eling bae wong sing aweh banyu wedang maring kowe merga kowe melu dadi pendereke Ratu Adil. Kowe mesti bakal nampani upahe. Bab sing marekena wong gawe dosa 42 Sapa penyebabe salah sijine wong cilik dadi ora ngandel maring Aku, lewih apik yen watu gede dijiretna maring gulune terus ditilemna maring tengahe segara. 43 Yen tanganmu clutak lewih apik tugel bae tangane, lewih apik kowe urip maring Gusti Allah nganggo tangan siji ketibang nganggo tanganmu loro nanging ndadekna mlebu nang neraka jahanam. 44 [[Nang kana geni ora bisa sidem lan uler uga ora bisa mati.] 45 Yen sikilmu marakna gawe dosa ketok bae sikile lewih apik urip bebarengan karo Gusti Allah, ketimbang nganggo sikil loro nanging akhire mung mlebu neraka. 46 [Nang kana geni ora bisa sidem lan uler uga ora bisa mati.] 47 Yen mripatmu marakna gawe dosa, cukil bae matane, lewih apik kowe mlebu nang kratone swarga nganggo mripat siji ketimbang nganggo mripat loro nanging ndadekna mlebu nang neraka. 48 Nang kana geni ora bisa sidem, lan ular uga ora bisa mati. 49 Saben wong bakal arep disucekna karo geni, kaya dene sing disucekna korban nganggo uyah. 50 Uyah kuwe apik, nanging yen wis gabar apa bisa asin maning apa ora. Mulane kowe kudune bisa kaya dene uyah. Ayuh urip bebarengan sing guyub lan rukun.