Pasal 10

Gusti Yesus ngajar bab pegatan 1 Seteruse Yesus nglungani papan kue. Lan dunga maring daerah Yudea, uga daerah sekitar Yordan, wong-wong akeh pada teka maring ngumpul nang sakewo tengene Yesus. Pada bae yen lagi Yesus mulang wong-wong kue. 2 Ana pirang-pirang wong Farisi, teka mung arep ngerjani Yesus, wong kue takon maning: “Manut ajaran agamaku, apa ulih wong sing megat bojone?” 3 Yesus semaur, “Musa aweh ajaran maring kowe kue?” 4 Musa ngulikna wong bisa megat bojone nanging lewih disit dicatet nang layang pekat, saure wong kue. 5 ”Musa mencatet ajarane, sebab koe kue angel banget diwulang, "omonge Yesus maring wong kue. 6 Nanging kang wiwitane, Allah dadekna menungsa diucapna yen Allah deweke wong-wong kue lanang lan wadon. 7 Awite wong lanang ninggalna biyung lan ramane, dadi siji karo bojone, 8 saklorone dadi siji. Dadi wong kue, dudu wong loro maning dadi siji. 9 Iku sebabe sing wis didadekna siji nang Allah ora ulih dipisah nang menungsa!” 10 Sawise wong kue mlebu ngumah, penderek-penderek-Nya takon maring Yesus bab kue. 11 Yesus ngomong maring wong kue, sapasing megat bojone banjur rabi wong wadon liane, wong kue zina maring bojo sing disit. 12 Kaya kue uga wong wadon sing megat bojone kawin maning karo wong lanang liane, kue ya zina. Yesus mbarkahi bocah-bocah 13 Wong-wong kue gawa bocah-bocah maring Yesus men Gusti nyekel la dongakna wong-wong kue, nanging penderek-penderek Yesus ngomahi wong-wong kue. 14 Deleng soal iko, Yesus marah terus ngomong maring penderek-penderek Gusti, “Aja dicegah bocah-bocah kue teka maring Aku! Aja menggak wong-wong kue, sebab wong-wong sing kaya kue bisa dadi anggota Kerajaan Allah. 15 Eling wae! Sapa sing ora sujud maring Allah kaya bocah cilik ora bisa dadi anggota Kerajaan Allah.” 16 Sawise ngomong kaya kue, bocah-bocah kue dirangkul Yesus, seteruse Ia numpangna tangan GustiNe nang endase wong-wong kue. Wong sugih 17 Wektu Yesus nutugena lakune-Nya, ana wong mlayu-mlayu maring Yesus. Wong iku nyembah nang ngarepe Yesus lan takon, "Guru sing apik, aku kudu gawe apa bae men bisa nampani urip langgeng?" 18 Kenang apa kowe ngomong Aku apik ora ana sing apik kejaba Gusti Allah. 19 Kuwe wis ngerti ajaran-ajaran Allah, ‘Aja mateni, aja zina, aja nyolong, aja goroh, aja nipu, kudu ngajeni rama beyungmu.’ 20 ”Bapak Guru, " omonge wong kue, “kabeh prentahe iku wis aku lakoni awit enom." 21 Yesus deleng kanti seneng maring wong iku terus takon, gari siji bab sing kowe butuhna, bali bae kabeh duwekmu dol bae, wenahna bae duwite maring wong mlarat, kowe bisa duweni benda nang sorga, sawise kowe tekaa melu Aku. 22 Ngrungakna Yesus ngomong kaya kuwe, wong kue gela, banjur ninggalna papan kue karo sedih atine sebab akeh bendane. 23 Banjur Yesus delengna penderek-penderek-Nya terus ngomong maring wong-wong kue, “Angel banget kanggone wong sugih mlebu keratone Allah!” 24 Penderek-penderek-Nya gumun ngrungokna omonge Yesus. nanging Yesus ngomong maning: "Anak-anakKu, pancen angel mlebu maring keratone Allah! 25 Luwih gampang seekor unta mlebu bolongan dom katimbang wong sugih mlebu kratone Allah.” 26 OmongaNe Yesus kue dadekna penderek-penderek-Nya gumun, ngantek wong-wong kue pada takon-takonan, yen mengkono sapa sing bisa selamet. 27 Yesus delengna wong-wong kue lan semaur, “Tumrap menungsa iku mokal nanging ora kanggone Allah sekabehane kanggo Allah.” 28 Terus Petrus ngomongna, "Delengna kowe kabeh wis ninggalna segala-galane kanggo melu Bapak." 29 Yesus ngomong, “Ngandel bae: wong sing wis ninggalna keluargane, lan sedulure, sing laang uga wong wadon, uga beyunge, uga ramane, uga anak-anakke, uga sawah ladange awit Aku, sebab kabar apik saka Allah, 30 wong kue arep nampani lewih akeh wektu siki wong kue arep ulih seratus kali lipat umahe, sedulur lanang, sedulur wadon biyung, anak-anak, sawa ladang, lan rekasa, lan mengko nang mangsa sing arep teka, wong kue arep nampa urip langgeng. 31 Nanging akeh wong sing siki dimin dadi keri lan akeh sing siki keri dadi dimin. Gusti Yesus ngomong kaping telune bab kematiaNe 32 Yesus lan penderek-penderek-Nya agi mlaku maring Yerusalem. Yesus mlaku nang ngarep lan penderek-penderek-Nya kuatir banget. Lan wong-wong sing ngetutna deweke nang burine rasane wedi. Seteruse Yesus nyeluk penderek-penderek-Nya, lan aweh kabar maring wong-wong kue apa sing arep dilakoni Gusti. 33 ”Rungakna," omonge Gusti, aku kabeh arep maring Yerusalem. Nan kana Anak menungsa arep di weken maring wong-wong sing udu wong Yahudi." 34 Wong-wong kue arep nyalahna Gusti, ngidoni Gusti, nyiksa Gusti, lan mateni Gusti nganggo disalib. Nanging telung dinane Gusti urip maning.” Panyuwune Yakobus lan Yohanes 35 Terus Yakobus lan Yohanes, yakue anak-anakke Zebedeus, teka maring Yesus. “Bapak Guru, "omonge wong-wong kue, ” ana salah sijine bab sing aku kabeh durung Bapak lakoni kanggo aku kabeh." 36 Apa sing kowe kabeh jaluk Gusti lakoni kanggo mu? 37 Deweke njawab aku pengen njagong nang tengen kiwene Romo, yen Romo jumeneng wonten suwargo 38 Kowe kabeh ora ngerti apa sing kowe kabeh jaluk. Ngendikane Isa Almasih maring deweke saguh kowe kabeh nginum sekang ganjaran kesengsaraan sing arep inyong nginum mlebu sajroming jurang kesengsaraan sing arep inyong leboni? 39 Jaguh, jawabe deweke kabeh. Mula Isa Almasih ngendika meng kae kabeh. Pancen kowe kabeh arep nginum sekang janjaran kesengsaraan, sing arep aku inum lan mlebu. Nang jroning jurang kesengsaraan sing arep inyong leboni. 40 Nanging ngenani sapa sing arep njagong nang tengen utawa kiwa inyong, iku dudu inyong sing kuasa mentokaken. Allah sing mentoaken sapa-sapa sing arep njagong nang panggonan iku. 41 Nalika sepuluh sing melu Isa Almasih sing liyane iku krungu masalah kue, deweke kabeh jengkel maring Yakobus lan Yohanes. 42 Dadi Isa Almasih ngundang deweke kabeh, terus ngendika “Kowe kabeh ngerti yen, pemimpin- pemimpin bangsa sing ora ngerteni Allah meras rakyate lan penggede-penggede kae nindas deweke kabeh. 43 Nanging kowe kabeh ora ulih kaya kuwe, sewalike wong sing mau dadi gede nang antarane kowe kabeh, kowe kudu dadi pelayanmu. 44 Lan wong sing mau dadi sing disit nang antarane kowe kabeh kudu dadi batur kanggo sekabel 45 Margo Anak menungsa be ora rawuh kanggo diladeni. Kiyambake rawuh kanggo ngladeni lan kanggo masrah na myawaNe, kanggo nebusi wong akeh Isa Almasih marekaken Bartimeus sing wuta 46 Kae kabeh tekan nang Yerikho lan waktu Isa Almasih karo murid-murid De, karo wong akeh ninggaleken kuto kue, wong wuto agi njagong njaluk-njaluk nang pinggir dalan. Jenenge Bartimeus, anak seka Timeus. 47 Naliko deweke krungu yen sing lagi liwat kue Isa Almasih wong Nazaret, deweke mbengok, “Isa Almasih anak Daud! Welasono inyong. 48 Deweke diomei nang wong akeh lan dikon meneng. Nanging deweke luwih seru gulih mbengok, “Anak daud welasono inyong 49 Mulane Isa Almasih mandeg, terus ngendika undangan kae. Dadi deweke ngundang wong wuto kue. Deweke kabeh ngomong maring kowe kabeh. Ayemo! Kowe di undang Isa Almasih, menyat! 50 Wong wuto kue banjur ngguang klambine, terus gagean ngadep lan lunga maring Isa Almasih 51 Apa sing ko kepengin. Aku lakokna nggo kowe? ngendikane Isa Almasih maring deweke. Wong wuto kue njawab, “Pak Guru, inyong kepengen weruh. 52 Lunga, “ngendikane Isa Almasih, ” merga kowe percaya maring inyong, terus kowe mari pas wektu kue uga wong kue bisa weruh terus deweke ngetutna Isa Almasih nang dalam.