Pasal 11

Gusti Yesus mlebu Yerusalem kanti jaya 1 Wektu wis edek daerah Yerusalem, deweke tkan kota, Betfage lan Betania, nang igir-igire pegunungan Zaitun. Nang kana pendereke sing loro mau diprentah sing lewih disit nang Gusti Yesus. 2 Wis mangkata maring desa kae sing nang ngarepmu. ‘’pangucape Yesus maring’’ nek kowe wis tekan desa kae, kowe bakal weruh anak kelede sing wis kajiret sing durung taune ditunggangi nang wong. Kelede udari jirete terus gawa ngeneh. 3 Nek ana wong takon maring kowe, kenangapa keledene koh diculna. Omongna bae ya, yen Gustine mbutuhaken sedela, ngko kan terus tak balekna. 4 Keloro pendereke Yesus terus mangkat, nang kono ngerti ana anak kelede sing diuger nang lawang umah sing nang pinggir dalan, terus nguculi kelede mau sing kejiret. 5 Wong-wong sing agi pada ngadeg nang kono, takon maring deweke, Heh, agi pada ngapa kowe, nang ngapa sih anak keledene koh diculna. 6 Deweke semaur, kaya dene sing di prentahna nang Yesus, terus wong-wong mau ora menging yen keledene digawa. 7 Wektu keledene wis nang sandinge Gusti Yesus, gegere didelehi jubahe deweke, terus Yesus nunggangi keledene. 8 Akeh wong ngeler jubahe nang ndalan, ana uga sing nguntalna nang tengahe ndalan pang-pangan sing wis garing, deweke nyjiot saka kebonan. 9 Wong-wong sing mlaku nang ngarep, lan wong-wong sing ngetutna saka mburi kabeh pada ngomong ‘’ Agungna asmane Gusti Allah. Diwei rejeki kang akeh wong sing teka lan nyebut-nyebut asmane Gusti. 10 Bakal urip panguasane sing arep teka, panguasane Raja Daud sing nuruna aku lan kowe kabeh. Agungana asmane Gusti Allah sing maha luhur. 11 Sauwise Gusti Yesus tekan terusalem, terus mlebumaring tempat ibadah, nang kono deweke mriksa kahanane, nanging wektune wis meh mahrib, terus deweke mangkat maring betania bareng-bareng karo muride sing rolas mau. Gusti Yesus nyupatani wit ara 12 Esuke nalika pada mangkat saka Betania, Gusti Yesus wetenge krasa kencot. 13 Saka kadoan, deweke weruh wit ara sing godonge ngrembaka. Terus deweke medek maring wite lan nggoleti wohe, mbok menawane ana wohe. Wektu wis tekan wite deweke ora nemu wohe, anane mukur godong-godong tok. Jalaran wektune mau urung mangsane wit ara pada woh. 14 Terus Gusti Yesus ngomong maring wit ara mau, molaih siki ora bakal ana wong siji’a sing arep mangan wohmu maning! Para murid-muride Gusti Yesus krungu apa sing agi diomongna. Gusti Yesus mlebu ing Padaleman Suci 15 Terus deweke tekan Yerusalem, terus mangkat maring panggonan sing go pranti ibadah, deweke nang kono molaih ngurak wong-wong sing agi pada dodol. Deweke ngobrak-ngabrik meja-mejane tukang bakul duwit lan korsen-korsene bakul dara. 16 Langka wong siji’a sing diulihna nggawa barang-barange liwat plataran umah sing go pranti ibadah. 17 Terus Gusti Yesus mulang wong-wong sing pada nang kono, deweke ngomong ‘’ Nang sajrone kitab Injil wis katulis, Gusti Allah aweh sabda, ‘’Umah ibadahku kiye wis kaucap, umah sing kanggo ndonga sakabehe umat. Nanging nang kowe kabeh didadeknatempat kumpule wong-wong sing jahat. 18 Sapangarepe imam-imam lan tukang mulang agama krungu omongane, deweke nggoleti dalan kepriwe carane guli arep mateni Yesus. Deweke wedi maring wong akeh, jalaran wong akeh mau pada gumun nek ngringokna piwulange Gusti. 19 Bareng wis molaih wengi Gusti Yesus lan murid-muride ninggalna kotane. Piwulang sekang wit ara 20 Andingane dina wektu isuk-isuk deweke ngliwati wit ara, deweke weruh yen wit ara mau wis mati nganti tekan oyod-oyode. 21 Petrus kelingan bab lelakon sing wis alami sadurunge, terus petrus ngomong maring Gusti Yesus, Pak Guru, jajal delengen, wit ara sing kenang kutuk nang Gusti wis mati. 22 Gusti Yesus semaur: “Ngandel bae maring Gusti Allah! 23 Mesti nek kowe bisa ngomongna maring gunung mau, bisa kejungjung lan bisa kebuang meng satengahe segara. Bab mau bisa dilakokna nang kowe. Asal kowe ora mangu-mangu, yen kowe ngandel apa sing wis pernah diomongna, mesti bae bakal kedadeyan. 24 Bab mau ayuh dieling-eling, nek kowe agi pada ndonga, apa bae sing kowe jaluk, sing ngandel yen Gusti Allah mau sejatine wis aweh maring kowe apa sing nang kowe dikarepna, mesti kowe bakal nampani apa sing dikarepna. 25 Nek kowe agi ndonga nanging atimu ora tresna maring sapadane, salah sijine wong, ngapurani disit wong mau, supayane Gusti Allah sing nang swarga uga nglebur dosa-dosamu. 26 [Nek kowe ora ngapurani wong liya, Gusti Allah sing nang swarga, uga ora gelem nglebur dosa-dosamu.]” Pitakon bab hak Gusti Yesus 27 Deweke mbalik maning maring Yerusalem, wektu Gusti Yesus mlaku nglilingi nang sajrone umah sing go pranti ibadah, pangarep imam lan tukang mulang agama lan pimpinane wong Yahudi teka. 28 Deweke takon, ’’Dasare apa kowe nglakokna hal kiye kabeh? Sebenere sapa sing aweh panguasa maring kowe. 29 Gusti Yesus semaur, “Aku uga arep takon maring kowe, jawaben ya, aku arep ngomong maring kowe, sing sabenere panguasa saka sapa yen aku nglakokna bab mau kabeh. 30 Yohanes ngedusi wong sing disucikna kuwe nganggo panguasane sapa. panguasane Gusti Allah apa manungsa?” 31 Terus para pengarep imam lan pimpinan wong Yahudi pada molaih rembugan bareng-bareng, deweke ngomong nek tek omongna nganggo panguasane Gusti Allah, deweke bisa ngomongna, kena ngapa yen kowe ora ngandel maring Yohanes. 32 Nanging angel banget nggone arep ngomongna, nek nganggo panguasane menungsa, nanging deweke wedi maring wong akeh, jalaran wong akeh pada ngarani yen Yohanes kuwe nabi. 33 Deweke pada semaur, aku ora ngerti. Terus Gusti Yesus ngomong maring deweke, nek kaya kuwe aku uga ora gelem ngomongna maring kowe. Nganggo panguasane sapa yen aku nglakokna bab kiye kabeh.