Pasal 12

Pasemon bab wong-wong kang nggarap kebun anggur 1 Gusti Yesus mulai ngomong marang wong-wong nganggo pasemon maring para kyai-kyai lan para ustad lan pemimpin-pemimpin Yahudi. Yesus ngomong ana wong nandur wit anggur nang lemah, terus kebune tipager nang sekelilinge. Terus wong mau gawe lubang kanggo alat meres anggur. Terus wong mau gawe menara jaga lan kebun anggure disewakna maring tukang penggarap kebon. Seteruse lunga maring negeri liyane. 2 Wektune mangsa panen anggur, wong mau ngirim pembantune maring tukang sing nggarap kebon supaya jatah bagian panene. 3 Nanging tukang kebone malah nangkep pembantune terus deweke malah ngantemi lan prentah kon bali nganti ora uli kasil apa-apa. 4 Terus sing duwe kebon mau ngirim pembantu liyane maning, tukang kebone malah ngantem ndase, terus diuuseusir karo diomehi. sing duwe kebon ngirim pem- bantu liyane maning, tapi malah dipateni. 5 Sateruse tukang kebon mau nglakokna penggawean sing ala maring pembantune, ana sing diantemi lan ana si ng dipateni. 6 Siki sapa maning sing arep dikirim maring tukang kebonne, nang sing nduweni kebon. Ya kuwe mung gari siji, Anak sing sing di tresnani anake deweke. akhire anak sing di tresnani dikirim maring tukang kebon. mestine anaku arep diregani, pikire. 7 Tapi tukang-tukang kebon mau pada ngrasani. Bocah kiye kan sing nduweni hak warise, mulane ayuh pada dipateni bae supayane warisane kena aku kabeh. 8 Terus bocah mau ditangkep lan dipateni, lan mayate dibuang nang sajabane kebon. 9 Gusti Yesus takon, apa sing arep dilakokna nang sing nduweni kebon mau, mestine deweke arep teka lan mateni maring tukang-tukang kebon sing jahat lan arep nyerahna maring tukang kebon liyane. 10 Kowe mestine wis maca ayat kiye nang sajerone kitab Injil, ‘Watu sing ora dienggo nang tukangbangunan, sejatine kuwe wis dadi watu sing utama. 11 Kiyelah penggawean Gusti Yesus sing apik banget!’ 12 Mulane para pimpinan wong Yahudi sing ngrungokna perumpamaan kiye, berusaha nangkep Gusti Yesus, sebab deweke ngerti yen perumpamaan kiye ditujukna maring deweke. Nanging deweke wedi maring wong akeh. Akhire deweke lunga ninggalna Gusti Yesus. Bab caos pajeg 13 Wong- wong saka Farisi lan saka Herodes diprentah kon jebak Gusti Yesus nganggo sarana pitakonan. 14 Wong wong mau teka maring Gusti Yesus lan ngomong, ' Gusti Yesus'' aku ngerti yen Gusti Yesus menungsa sing jujur, lan Gusti Yesus mulangna kekarepane Gusti Allah secara gamblang kanggo pedoman e manungsa. Sebab Gusti Allah ora mandang wong sapa bae. Coba Gusti Yesus omongna, nek cara aturan agamaku, ulih apa ora nek mbayar pajeg aring kaisar. dikudukna yen aku mbayar pajegapa ora. 15 Gusti Yesus ngerti kedolimane wong wong mau. Gusti ngomong, kena ngapa kowe nguji Aku? Jejel delengna maring aku seblindi duit perak! 16 Terus deweke aweh duwit seblindi perak. Terus Gusti Yesus takon, '' Kiye gambar lan jenengane sapa? Deweke ngomongna: “Kiye Kaisar.” 17 Nah nek kaya kuwe, jere Gusti Yesus, kudune wekna maring Kaisar sebab Kaisar sing nduweni. apa maring Gusti Allah, sebab Gusti Allah sing nduweni. Bab wungune sekang patine 18 Wong wong soko grombolan Saduki teka maring Gusti Yesus ngomong aken yen wong mati ora bakal urip maning. 19 ”Pak Guru, ” wong wong nyeluk Gusti Yesus, “Nabi Musa nulis hukum kiye kanggo aku kabeh: ‘Nek wong lanang mati ora duwe anak , sedulure kudu ngawini randane supayane menehi keturunan maring wong sing mati mau.’ 21 20 Nganti ana sedulur pitu cacahe, sing mbarep nikahi terus mati lan durung nduweni anak. 21Terus adine sing nomer loro, ngawini randane, terus dewekemati uga lan durung nduweni anak. Kejadian mau pada baenimpa maring sedulur sing nomer telu, 22 lan seterusenganti tekan sedulur sing nomer pitu ya mati uga. Akhirewong wadon mausing dadi randa ya mati. 23 Wektu dina bangkite wong mati, kiye termasuk bojone sapa? Sebab pitu-pitune wis pernah dadi bojone kabeh. 24 Gusti Yesus nyjawab, “Kowe salah banget. Sebab kowe ora ngerti Alkitab utawa kuasane Gusti Allah. 25 Yen wong-wong mati urip maning, deweke ora bakal nikah maning, palahan deweke sepertine uripe kaya malaikat nang surga. 26 Riwayat wong mati urip maning, apa kowe wis pernah maca nang sajrone kitab Musa, hal alas sing keba karutawane murub? Nang sajrone ayat-ayat mau ditulis yen Gusti Allah ngomong maring Musa, “Aku Gusti Allahe Abraham, Allahe Ishak, lan Allahe Yakub.” 27 Gusti Allah kuwe udu Gusti Allahe wong mati, ya kuwe Gusti Allahe wongurip. Kowe mau kabeh pada keliru. Prentahe sing utama 28 Terus teka guru agama lan ngringoknaobrolan antarane Gusti Yesus karo wong-wong rombongane Saduki. Guru agama mau ndelengna yen Gusti Yesus wis mangsuli pitakon secara gamblang. Deweke takon maring Gusti Yesus, “Prentah endi sing paling apik antarane kabeh prentah?” 29 Gusti Yesus semaur, “Prentah sing pertama, yakuwe: ‘Ringokna wong-wong Israel, yen Gusti Allahe dewek, yakuwe Gusti sing siji. 30 Senengilah Gusti Allahmu, sajronengati, karo awakmu, karo pikiranmu, lan sakabehetenagamu. 31 Prentah karone yakuwe: “Senengilah sapadane urip, kaya dene kowe nyenengi maring awake dewek. Wis ora ana prentah liyane sing penting antarane rong prentah mau.” 32 Terus guru agama mau ngomong maring Gusti Yesus, ''Bener banget, Gusti Yesus! Pancen bener apa sing diomongna: yen Gusti Allah kuwe siji, lan ora ana Gusti Allah liyane. 33 Lan wong kudu seneng maring Gusti Allah nganti sajrone ngati, utawane sakabehe pikire, utawane sakabehe tenagane, sebab wong kudu seneng maring sepadane urip, kaya dene maring awake dewek. Kuwe lewih apik ketimbang ngorbanaken sesembahan korban bakar anutawa korban liyane maring Gusti Allah. 34 Gusti Yesus ndeleng yen guru agama kuwe wis jawab apik banget. Gusti Yesus ngomong maring deweke, “Yen kowe wis meh dadi golongan umate Gusti Allah.” Sauwise mau langka wong sijiasing wani takon maring Gusti Yesus. Bab Raja sing nylametaken 35 Awektu mulang nang umahe Gusti Yesus takon, “Kepriwe guru-guru agama bisa ngomongna yen Gusti sing nylametna manungsa kuwe keturunane raja Daud? 36 Daud kuwe manungsa diilhami Rohe Gusti Allah ngomongaken: 'Yen Gusti ngomongna maring Gustiku': Ngeneh nyjagong nang sebelah tengenku, nek Aku arep gawe mungsuh-mungsuhmu kalah total nang ngarep-Mu.’ 37 Dadi nek Daud ngomongna, Raja Keslametan kuwe ‘Gusti Allah’, ora mungkin Deweke keturunane Daud? Peringatan supaya hati-hati maring guru-guru agama Wong akeh sing ana nang umahe Gusti Yesus ngrasakna seneng ngringokna yen Gusti Yesus agi mulang. 38 Gusti ngomongna aring wong-wong supaya nengati-ati maring guru-guru agama, sebab deweke seneng mlaku-mlaku nganggo klambi jubah sing dawa lan seneng diregani nang pasar-pasar. 39 Deweke seneng panggonan-panggonan sing apik nang sajrone tempat ibadah lewih seneng maning tempat sing agi dianakna acara pesta. 40 Deweke seneng nglomboni randa-randa lan ngrampas umahe. Kanggo nutup-nutupi kenakalane, deweke nangkana nek ndonga didawa- dawakna. Paukumane ngembenabot banget! Pisungsunge randha 41 Waktu jagong ngungkurna kotak persembahan nang sajrone umahe Gusti Allah, Gusti Yesus nggatekna wong-wong sing pada nglebokna duit maring jero kotak, akeh wong sugih banda pada nglebokna duite jumlah akeh; 42 terus ana randa mlarat teka uga nglebokna duit tembaga loro cacahe, ya kuwe duit recehan sing ora anaregane. 43 Gusti Yesus ngundang murid-muride terus ngomongna ''Gatekna ya: Yen randa sing mlarat mau luwihakeh ketimbang wong- wong liyane. 44 Jalaran wong singakeh pada nglebokna duite saka bandane wis pada luwih-luwiha. Nanging janda sing mlarat mau dunyane diweknakabeh. Padahal nang umah wis lang ka liyane sing kanggonguripi jiwane.”