Pasal 13

Gusti Yesus ngomong bab rusake Padaleman Suci 1 Wektu Gusti Yesus lunga saka umahe Gusti Allah, salah siji muride ngomongna, “Pak guru jajal delengna bangunan-bangunan kae. Gatekna watu-watune ap ik banget!” 2 Gusti Yesus semaur, “Yen kowe weruh bangu nan-bangunan sing gede apa ora? Ora ana watu sijia sing bakal keri tersusun nang panggonane, jalaran kabeh mau arep dirubuhna.” Kesengsaraan lan aniaya 3 Terus Gusti Yesus lunga maring bukit Zaitun, nangkana deweke jagong. sing arep-arepan karo umahe Gusti Allah. Ora let suwe Petrus, Yakobus, Yohanes, lan Andreas teka maring Gusti arep ngomong masalah secara pribadi. 4 Jajal omongna aring aku, jere deweke, kapan wektune kedadeyan lan tanda-tanda apa sing ceta nek wektune wisedek. 5 Gusti Yesus ngomong, kowe sing ngati-ati ajanganti gelem dilomboni. 6 Akeh wong pada teka nyamar nganggo jenengku, deweke ngomong yen aku, sebenere Gusti Isa, nanging sing sebenere mukur kanggo nglomboni wong akeh. 7 Yen kowe krungu onen-onen bab perang lan kabar-kabar tawuran aja pada wedi, sebab kuwe bakal keda dean, nanging siki durung wektune kiamat. 8 Bangsa sing siji bakal perang lawan bangsa liyane. Raja sing siji bakal perang nglawan raja liyane. Nang endi-endi akeh lindu lanakeh wong pada kencoten. Kabeh kiye nembe awal kayadene wong wadon sing arep babaran. 9 Kowe kabeh sing ngati-ati jalaran bisa didemek landigered maring kajeksan. Kowe bakal diantemi nang umah-umah ibadah. Kowe bisa digawa nang sapangarepe raja, sebab kowe dadi muridku. Nah siki kesempatan kowe aweh saksi maring aku, kanggo kowe kabeh. 10 Kabar apik saka Gusti Allah kuwe wis mestine kudu dikabarna maring sakabehe alam dunya. 11 Yen kowe didemek lan digawa maring pengadilan, aja nganti wedi, apa sing arep diomongna nangkowe. Nek wektune wis kudu diomongna, ya omongna bae, jalaran sing arep diomongna kuwe udu soko aku, nangingsaka Rohe Gusti Allah dewek. 12 Wong pada menghianati dulure dewek kon dipateni, kuwe uga arep kedadean, antarane rama karo anake, anak tega nglawan rama beyunge. lan masrahna rama lan beyu nge kon dipateni. 13 Kowe kabeh mau arep disengit nang wong akeh sebab kowe dadi muridku, nanging wong-wong sing tetep percaya maring aku bakal tak slametna. Kejahatan sing ngancurena 14 Yen kowe weruh pangrusak sing arep ngrusak, agi ngadeg nang panggonan sing ora disekolihna, wektu siki wong yudea kudu mlayu maring gunung. 15 Wong sing ananang payon aja nganti mudun lan jiot barang apa bae sing nang jerone umah. 16 Wong sing agi nang kebon ya aja pada bali jiot klambi jubahe. 17 Dina-dina mau medeni banget tumrapewong sing agi meteng lan wong wadon sing agi nusoni! 18 Ayuh pada ndonga, a supayane aja nganti kedadeyan nangsajrone musim udan kiye. 19 Wektu dina sing medeni banget, arep ana kasengsaran sing urung pernah keda dean, wiwit Gusti Allah nyipta jagat alam raya saisine nganti siki, ora bakal dibaleni maning. 20 Yen Gusti Allah ora mutus perkara, ora bakal ana wong sing slamet. Nanging kabeh mau polahe wong, dadine Gusti Allah mutusna bab plekaramau. 21 Wektu kuwe nek wong ngomong maring wong, Liyane, deleng Raja sing Nylametna ana nang kene! Utawa, ‘Deleng, la ana nang kana!’ – wong kuwe aja diendel. 22 Jalaran akeh wong sing pada ngaku nabi utawane ngaku tukang nylametna padahal kabeh mau anu gadungan. Nangkono nganakna sulap lan sihir sing tujuane go nglomboni wong akeh. 23 Ayuh sing pada ngati-ati! Kowe kabeh ajanganti ana sing kelem bon, sadurunge kabeh mau kedadeyan.” Rawuhe Anak Menungsa 24 ”Sajerone wektu kesusahan, srengengene peteng dedet, wulan ya ora ana cahyane. 25 Lintang-lintang pada tiba saka awang-awang, uga wong pinter sing padaduwe panguasa pada morat marit. 26 Wektu kuwe anake Gusti Allah keton teka nang sajrone gum palan lamuk, gagah lan wibawa banget. 27 Gusti Yesus prentah maring malaekat-malaekat supaya ngumpulna wong-wong pilihane saka kiblat papate jagat, nganti tekan pucuke bumi lan langit.” Piwulang sekang wit ara 28 ”Siki nyjiot saka piwulange wit ara, nek cabang-cabange katon ijo lan alus, nang pang-pange katon mrintis, kuwe wis ketara nek musim panas wis enggal perek. 29 Ya kaya kuwe nek kowe ngerti utawa weruh kedadean sing kaya kuwe berarti wektune wis edek banget. 30 Gatekna ya, kabeh pristiwa kiye arep teka tapisadurunge wong-wong sing urip pada mati kabeh. 31 Langitlan bumi kabeh bakal sirna, nanging ucapanku ora bakalilang.” Ora nana sijia sing ngerti dina lan jame 32 Nanging mungguh dina lan jame malaekat-malaekat nang surga uga ora ngerti, Gusti Yesus uga orangerti, kajaba mung Gusti Allah dewek sing ngerteni. 33 Sing pada ngati-ati lan waspada, jalaran kowemau kabeh ora ngerti nek kedadean arep teka. 34 Umpamane, ibarate wong lunga ninggalna umahe sing adoh. Deweke prentah maring pembantune kon ngurus umahe lanaweh tugas maring pembantune. Maring sing jaga lawang, deweke pesen supaya anggone kerja sing apik. 35 Mulane pada meleka, yen kowe ora bakal ngerti kapan bae majikane nek arep balik--bisa barmahrib, bisa wengi-wengi, bisa uga wektu subuh, bisa uga srenge ngene wis mletek. 36 Mbok nganti majikane bali, kowe aja agi pada turu. 37 Apa sing diomongna aring kowe, tak omongna uga aring wong akeh, karepku sing pada ngati-ati.