Pasal 14

Gusti Yesus diapusi 1 Rong dina maning arep dianakna riaya Paskah utawa riaya Roti Sing Ora Dirageni. Para pangareping Imam lan para ahli Toret agi pada golet dalan arep nangkep Gusti Yesus aja nganti ketara, lan rencanane arep dipateni. 2 Nanging rencana kiye aja nganti dilaksanakna nang sajrone riaya Paskah, soale mengko bisa ndadekna pasulayan lan rencanane bisa gagal. Gusti Yesus diurapi karo minyak wangi 3 Nalika Gusti Yesus ana nang Betania, nang sajrone umahe Simon, sing biyen kena prenyakit kulit bahaya, terus ana wong wadon teka maring deweke. Wong wadon mau nggawa lenga wangi sing larang regane, lengawangi mau digawe saka bahan oyod wangi. Wektu Gusti Yesus agi nyjagong lan mangan, wong wadon mau mecah botole, terus lenga wangine diusapna maring sirahe Gusti Yesus. 4 Wong-wong sing pada nang kana jengkel, pada celatu. apa sih gunane yen lenga wangi sing larang reganekoh diboros-borosna? 5 Lenga wangi mau bisa didol sing larang banget, lewih saka 300 duit perak, lan duite bisa dibagigna maring wong mlarat. Mulane wong mau jengkel banget maring wong wadon sing nduweni lenga wangi. 6 Nanging Gusti Yesus ngomong, “Jorna baelah! Kena ngapa sih repot-repot padahal wong wadon kae nglakokna penggawean sing apik, pegaweane terpuji banget tumrape nang Aku. 7 Wong mlarat mesti ana bae, yen kowe sudi ya enggal ditulungana, nanging aku ora selawase bisa bareng-bareng karo kowe kabeh. 8 Wong wadon mau wis nyiapna apa bae, deweke wis nyiapna lenga wangi sing tujuane kanggo ngubur aku, sadurunge wektune kedadeyan. 9 Ngan del baelah nang seluruh alam dunya, kabar keslametan saka Gusti Allah salawase dikabaraken, lelakone wong wadon sing mlarat mau kena kanggo contonang sapadane urip. Yudas setuju nglomboni Gusti Yesus 10 Yudas Iskariot, kuwe salah sijine murid Gusti Yesus sing ngianati, antarane kaping rolas murid mau, nunggu maring omahe para Pangareping Imam sing tujuane arep maeka maring Gusti Yesus. 11 Bareng krungu omonge Yudas, dheweke seneng banget, aweh janji arep menehi duit akeh maring Yudas. Sanalika kuwe Yudas molaih nggolet kesempatan anggone gawe jalaran. Gusti Yesus dhahar mangan Paskah karo murid-muride 12 Awal dina riaya Roti Sing Ora Dirageni, wektu wong nyembeleh wedus sing arep kanggo ngrayakna Paskah, murid-muride takon maring Gusti Yesus, “Kierane nang ngendi kanggo mangan riaya Paskah kusus kanggo Gusti?” 13 Gusti Yesus prentah maring murid loro mau, “ìlungao maring kota, nang kana ana wong lanang nggawa kendi sing ingsine banyu kan ketemu. Tutna baelah. 14 nek wis tekan umah kono, ngomong bae aring sing duwe umah, “Pak Guru takon, nang ngendi tempate Gusti lan murid-muride anggone arep pada mangan Paskah.” 15 Wong mau nidokna maring kowo papan panggonan nang nduwur, tempate sing lega, lan tempat mau wis rapih uga lenkap prabote. Kaben mau wis disapna kanggo deweke kabeh.” 16 Terus muride Gusti Yesus sing loro lunga neng kota, nang kana a pa sing diomongna nang Gusti Yesus wis ana kabeh. Terus deweke nyediakna panganan sing arep kanggo pesta Paskah. 17 Wengine Gusti Yesus teka karo murid-muride sing jumlahe rolas mau. 18 Wektu muride agi pada mangan, Gusti Yesus ngomong, “Rungokna kabeh, salah sijune muridku agi pada mangan nang kene kiya ana sing tegal banget pitnah maring Aku. 19 Krungu omongan mau, murid-muride Gusti Yesus dadi trenyuh, terus antara murid siji lan liyane takon maring Gusti Yesus, mestine dudu aku sing dituduhna nang Gusti. 20 Gusti Yesus semaur, “Salah sijine antarane muridKu sing rolas mau sing agi maem barng karo Aku. 21 Pencen Anake Gusti bakal lunga ngeterpi sing ketulis nang Kitab. Nanging wong sing ngianati Anake Gusti bakal cilaka banget. Sabenere lewih becik yen wong mau ora dilairna nang alam ndonya.” Bujano Suci 22 Waktu deweke agi pada mangan, Gusti Yesus njiot roti lan ndonga maring Gusti Allah. Terus Gusti Yesus mecah-mecah rotine nanggo tangane lan diwenehna maring murid-muride karo ngomong, “Jioten roti kiye terus panganen, kiye sabenere awaku.” 23 Sawise roti dipangan, Gustine njiot gelas diiseni anggur lan dibagi-bagina maring muride, terus Gusti Yesus ndonga ngucap syukur maring Gusti Allah. Terus muride kabeh nginum anggur mau. 24 Sawise Gusti Yesus ngomong, “Sabenere getihku kiye getih sing kanggo ngesahna perjanjian karo Gusti Allah. Yakuwe getih sing diwutahana kanggo wong akeh. 25 Ngandel bae marang Aku yen Aku ora bakal nginum anggur kiye maning nganti wektune Aku nginum anggur sing anyar nang sajerone kratone Gusti Allah.” 26 Terus muride kabeh pada nembang tembang kidung, lan bareng wis rampung nembang, murid-muride pada lunga maring bukit Zaitun. Nubuat bahwa Petrus akan nyangkal Gusti Yesus 27 Terus Gusti Yesus ngomong maring murid-murid, “Kowe kabeh bakal mlayu ninggalna Aku” jalan nang sajroning Kitab Injil wis katulis: “Aku arep nggebag pangone, lan wedus-esduse pada bubar.” 28 Nanging sawise Aku ditangekna, aku bakal ndisiki kowe kabeh menyang tanah Galilea.” 29 Petrus banjur ngomong: “Senajan kabeh pada ninggalna Gusti, nanging aku ora bakal.” 30 Gusti Yesus ngomong, “Wengi kiye, sadurunge jago kluruk ping loro kowe bakal nyelaki/ngiyanati aku ping telu.” 31 Petrus nyauri, “Ben aku mati bareng-bareng Gusti, aku ora bakal ora ngakoni Gusti. Murid-murid liyane uga ngomong kaya kuwe. Gusti Yesus ndedonga ing Getsemani 32 Bareng pada tekan panggonan sing jenenga Getsemani, Gusti Yesus ngomong maring murid-muride, “Njagong kene bae sawektu/sawentara aku ndonga.” 33 Terus Gusti Yesus ngajak Petrus, Yakobus lan Yohanes diajak lunga bareng-bareng Gustine. Deweke krasa wedi lan gemeter. 34 “Atiku kiye sedih banget nganti rasane kaya arep mati, pada tinggal nang kene bae lan jaga-jaga/siap siaga.” 35 Gusti Yesus nggeser setitik, terus sujud meng lemah lan ndedonga, “nek bisa ora usah ngalami, nanging wektu kue bisa disingkirna.” 36 Abba keng Rama, Gusti Allah, ora ana barang sing mustahil tumrape Gusti Allah. Ilangna kesengsaraan sing agi tek alami. Kuwe dudu karepku, nanging kerepe Gusti” 37 Sawise kuwe Yesus mbalik lan ndeleng murid-muride agi pada turu lan ngomong maring Petrus, “Simon, apa kowe agi turu? Apa jaga-jaga sejam bae wis ora sanggup?” 38 Pada ngati-ati supaya kowe kabeh ora kena/ngalami godaan. Pencen rohmu kepenging nglakoni sing apik nanging awake lemes.” 39 Gusti Yesus lunga lan ndonga nganggo tembung sing pada kaya sing disit kae. 40 Yesus bali maning lan ndeleng murid-muride esing pada turu, jalaran pada ngantuk banget lan ora ngerti apa sing arep diomongna maring Gusti Yesus. 41 Bareng Yesus bali kaping telune banjur ngomong, “apa kowe kabeh esih pada turu lan lagi ngaso? Wis cukup/semen bae. Kiye wektuni wis teka. Ndelengi! Anake Gusti Allah wis arep diserahna maring panguwasane wong-wong sing dosa.” 42 Ayo pada tangi lan lunga. Ndeleng kae, wong sing ngianati Aku wis teka!” Gusti Yesus dicekel 43 Nalika Gusti Yesus agi ngomong, Yudas salah sijine rolas muride teka bareng-bareng rombongan sing nggawa pedang lan pentungan, yakuwe utusanne para imam, ahli Toret, lan pinituwa.” 44 Si tukang penghianat wis nentukna tandanei, “wong sing tak ambung kae wong sing kudu dicekel. “Dicekel bae, digawa, lan dijaga sing ketat.” 45 Wektu Yudas teka, terus deweke medek maring Gusti Yesus lan ngomong “Guru” lan deweke ngambung Gusti Yesus. 46 Terus wong-wong sing teka pada ngebyuk lan nyekel Gusti Yesus. 47 Sala sijine wong sing ana nang kono ngunus pedange banjur nyabeti abdine Imam lan motong kupinge. 48 Gusti Yesus ngomong maring wong-wong mau, “Apa kowe teka nang kene kanggo nglawan begal, pada nggawa pedang lan pentung kanggo nyekel Aku?” 49 Kho ora nyekel Aku, wektu Aku karo kowe kabeh saben dina mulang ning Omah Suci. Pencen bab ini kudu dadi supaya sing ditulis ning Kitab Suci bisa kawujud. 50 Para murid lan wong-wong sing karo Yesus pada ninggalna lan mlayu. 51 Nalika samana ana wong nom-noman sing mung nganggo kemulan mori, terus dicekel, 52 nanging mung kena kemulane, lan mlayu wuda. Gusti Yesus diadepena Mahkamah Agama 53 Gusti Yesus digawa ngadep para Imam Agung. Nang kana ana Imam Agung, Panituwa, lan ahli Toret ngumpul di situ. 54 Petrus ngetutna Gusti Yesus sekang kadohan nganti mlebu nang plataran imam agung. Banjur jejagongan antarane pengawal sing cedak geni supaya anget. 55 Para Iman Agung lan para penasehat nggoleti bukti-bukti sing kuat kanggo nyalahna Gusti Yesus supaya bisa diukum mati. Nanging ora bisa nemokna. 56 Akeh seksi diundang kanggo kesaksian palsu nanging antara saksi sing siji lan sijine ora bisa gathuk. 57 Terus antarane para keksi ana sing aweh kesaksian palsu nglawan Gusti Yesus, 58 Aku wis krungu yen wong kiye ngomong, “omah ibadah gawean tangan arep tek rubuhna, lan aarep tek degna maning telung dina ora nganggo tangan.” 59 Nanging paseksen mau ora gathuk. 60 Imam Agung ngadeg nang ngarepe wong akeh lan takon Gusti Yesus, “Apa kowe ora nana jawaban/nyauri dakwaan maring kow?’ 61 Nanging Gusti Yesus meneng bae. Deweke ora semaur apa-apa. Terus Imam Agung takon maning, “Apa Kowe Sang Kristus, Anak Allah sing Maha Kudus/Maha Suci?” 62 Gusti Yesus njawab, “Iya yan aku kiye anak sekang Gusti Allah. Kowe kabeh bakal weruh yen anake Gusti njagong nang sebelah tengene Gusti Allah sing maha kuasa lan teka sekang meganing langit. 63 Imam Agung nyuwek-nywek klambine lan ngomong, “Apa esih perlu saksi?” 64 Kowe kebeh wis krungu Deweke, lan apa sing diomongna ngala-ngala Gusti Allah. Siki kepriwe keputusane? Wong kabeh wis nduwe keputusan yang Gusti Yesus iku salah, lan pantes diukum mati. 65 Terus wong-wong pada ngidoni Gusti Yesus lan nutupi matane karo njotos Gusti karo ngomong, “Ayo remalna!” Para perwira mbanda Deweke lan nggebugi. Petrus nyelaki Gusti Yesus 66 Wektu Petrus esih nang ngisor plataran, banjur salah sijine wong wadon abdine imam agung nekani Petrus. 67 Wong wadon mau weruh Petrus ngadeg cedeg unggun supaya anget, lan ndelok deweke lewih cedek. Terus ngomong, “Kowe uga karo wong Nasaret, Yesus?” 68 Nanging Petrus ora gelem ngakoni, lan ngomong, “Aku ora kenal lan ora ngerti apa maksude omonganmu.” Terus deweke metu maring pendapa. 69 Nanging wong wadon abdine imam agung sing nang kono ngomong karo wong sing ngadeg nang kono, “Wong kiye salah sajine (penderek Yesus)!” 70 Nanging Petrus ora ngakoni maneh. Ora suwe wong-wong sing nang kono pada ngomong marang Petrus, “Kowe kuwe genah tunggale sebab kowe wong sekang Galilea!” 71 Nanging Petrus mulai nyupatani lan sumpah: “Aku ora wawuh karo wong sing dimaksudna nang kow.” 72 Wektu kuwe jago kluruk ping pindone. Banjur Petrus kelingan marang omonge Gusti Yesus marang deweke, “Sadurunge jago kluruk ping pindo, kowe wis orang ngakoni kenal aku ping telu.” Banjur nangis senggruk-senggruk.