Pasal 15

Gusti Yesus diadepena maring Pilatus 1 Bareng wektu subuh para pangarepe Imam karo para pinituwa lan para ahli Toret pad cepet-cepet rembugan. Kabeh kae njiret Gusti Yesus terus diserahna marang sang Pilatus. 2 Sang Pilatus takon maring Yesus, “Apa kowe Rajane wong Yahudi?” Gusti Yesus semaur, “Sing ngomong kan kowe kabeh.” 3 Para pangarepe imam banjur pada masrahna panggugat pirang-pirang maring Gusti Yesus. 4 Sang Pilatus takon maning maring Gusti Yesus, “Kowe ora gelem semaur? Jajal dideleng, wis pirang-pirang panggugat sing dituduhna maring Kowe. 5 Nanging Gusti Yesus ora semaur, lan Sang Pilatus dadi gumun. Gusti Yesus diukum mati 6 Wis dadi kalumrahan sang Pilatus nek dina gede ngetokna tawanan siji sing miturut pilihane wong akeh. 7 Nang sajrone paukuman, antarane para penjahat sing diukum karo pembrontak, ana wong sing jenenge Barabas. 8 Wong-wong akeh pada ngumpul nekani sang Pilatus lan njaluk supaya ngetokna paukuman kaya biasane kae. 9 Terus Sang Pilatus nyauri, “Kowe kabeh kepengin aku ngetokna raja Yahudi?” 10 Jalaran pancen sang Pilatus wis ngerti nek para pangarepe imam masrahna Gusti Yesus kiye jalaran drengkine. 11 Nanging para pangarepe imam pada ngojog-ojogi wong akeh men/supaya sang Pilatus ngtokna Barabas bae. 12 Sang Pilatus ngomong maning maring wong kabeh, “Nek kaya kuwe, aku kudune kepriwe maring raja Yahudi kiye?” 13 Wong akeh pada melung-melung, “Disalib Bae!” 14 Sang Pilatus takon, “Apa salahe Deweke?” Nanging wong sing akeh kea malah melung-melung lewih seru, “Disalib bae!” 15 Pilatus kepenging nggawe seneg atine wong akeh mulane Barabas ditokna sekang paukuman. Deweke mrentah kon mecuti Yesus lan dipasrahna kon disalib. Gusti Yesus kagawe sawenang-wenang 16 Gusti Yesus digawa nang para punggawa maring ruang pengadilan lan para pungga ngundang sekompi liyane. 17 Gusti Yesus diklambeni jubah ungu lan sirahe dienggono mahkota sing digawe sekang anyaman duri. 18 Sewise kue, banjur pada aweh pengormatan salut marang Gusti Yesus land kanda, “Dijunjung Rajane wong Yahudi!” 19 Bala tentarane njotosi sirahe Gusti banjur dipendungi karo glagah, diidoni lan etok-etok sujud nyembah nang ngarepe Yesus. 20 Sawise ngejek-ejek, bala tentarane nyopot jubah ungune, lan ngganti karo jubahe Gusti Yesus dewek, lan digawa metu arep disalib. Gusti Yesus kasalib 21 Wektu kuwe ana wong liwat sing jenengi Simon sekang Kirene, bapake Aleksander lan Rufus, deweke dipeksa supaya mikul salibe Gusti Yesus. 22 Bala tentarane nggawa Gusti Yesus maring panggonan sing jenenge Golgota sing tegese: Panggonan Tengkorak. 23 Nang kana Gusti Yesus diwehi anggur sing dicampur karo mur nanging ora diombe. 24 Gusti Yesus banjur disalib, klambi jubahe dirowek-rowek lan diundi kanggo nentukna bagiane dewek-dewek. 25 Wektu Gusti Yesus disalib kae wis jam Sanga. 26 Nang nduwure salib dipasang tulisan kanggo ngejek sing unine, “Rajane wong Yahudi.” 27 Ana begal loro sing disalib bareng karo Gusti Yesus, sing siji nang tengan, lan sijine nang kiwe. 28 [Nek kaya kuwe wis kedadean sing ditulis nang Kitab Suci “Deweke digolongna karo wong durjana.”] 29 Wong-wong sing pada liwat kono pada nggelengna ndase lan ngomong, “Heh, Kowe sing arep ngrubuhna Padaleman Suci lang mbangun maning sajrone telung dina, 30 jajal slametna awakmu dewek lan mudun sekang salib!” 31 Para pengarep Imam karo para ahli Toret uga pada ngina maring Gusti Yesus lan pada ngomong antara siji karo liyane, “Jerene bisa nylametna wong liya, nanging nylametna dewek bae ora becus. 32 Nek Kowe iki Kristus, Rajane wong Israel, ayo mudun sekang salibmu, supaya aku kabeh bisa ndeleng lan percaya.” Wong loro sing disalib bareng Gusti Yesus uga pada ngina. Gusti Yesus seda 33 Wektu jam rolas nganti jam telu sore, kabeh negeri dadi peteng dedet. 34 Wektu jam telu sore, Gusti Yesus nggembor suarane seru, “Eloi, Eloi, lama sabakhtani?” sing tegese “Allah BapaKu, Allah BapaKu, kenang apa koh ninggalna Aku?” 35 Wing sing nag kana pada krungu lan kanda, “Rungokna, Deweke ngundangi Elia!” 36 Terus ana wong sing cepet-cepet njiot anggur karang sing dicelupna maring anggur kecut, terus ditencepna nang pucuk glagah lan diwenehna Deweke kon diumbe. Wong kuwe ngomong, “Ayo ndeleng Elia teka ngudunake Deweke sekang salib apa ora.” 37 Terus Gusti Yesus melung-melung lan mati. 38 Kordene umah ibadah terus sowek dadi loro sekang nduwur nganti ngisor. 39 Wektu Perwira sing ngadeg nang ngarepe salibe Gusti Yesus ndeleng matine Gusti Yesus kaya kae, deweke ngomong, “Wong kiye bener-bener Putrane Gusti Allah.” 40 Nang kana uga ana wong wadon sing ndelengna sekang kadohan. Antarane wong wadon kae ya kue Maria Magdalena, Maria (ibune Yakobus sing enom lan Yoses), lan Salome. 41 Wong-wong wadon kae sing melu lan nulungi Gusti Yesus sewektu deweke ana nang Galilea, lan akeh wong-wong wadon liyane sing pada teka nang Yerusalem karo Gusti Yesus. Gusti Yesus kasarekaken 42 Wektu dinane wis mulih peteng, jalaran kae dina ngarepna Sabat, 43 Yusuf sekang Arimatea teka nang kana, lan deweke kue anggota Dewan sing dihormati, lan lagi nunggu tekane Kraton Allah. Deweke kae kendel nekani Sang Pilatus lan njaluk jenasahe Gusti Yesus. 44 Sang Pilatus gumun nek Gusti Yesus wis mati; deweke terus ngundang kepala regu lan takon nek Yesus pancen wit mati. 45 Sawise krungu laporane perwirane nek Yesus wis bener-bener mati, deweke ngewehi jenasah Yesus ning Yusuf. 46 Yusuf wis nggawa kain mori. Deweke ngedunna Gusti Yesus sekang salib, mbungkus Gusti Yesus karo mori, lan digletakna ning njerone kuburan sing digawe nang guwa karang. Terus lawange ditutupi watu sing diglundungna. 47 Wektu kuwe Maryam Magdalena lan Maryam ibune Yoses pada weruh panggone Yesus dikubur.