Pasal 16

Wungune Gusti Yesus 1 Wektu dina Sabbat wis liwat, Maria Magdalena lan Maria ibune Yakobus lan Salome tuku lenga wangi kanggo nglengani Gusti Yesus. 2 Esih esuk utuk-utuk, dina kapisan minggu kue, wong wadon telu kae lunga maring kuburan wektu srengenge metu. 3 Deweke pada ngomong, “Sapa ya, sing bisa nulungi ngglundungna watu sing nutup lawang kuburan?” 4 Nanging wektu pada ndeleng, wong wadon telu kae weruh nek wis ana sing ngglundungna watune sing gede banget. 5 Wektu pada mlebu nang njerone kuburan deweke weruh wong nom-noman nganggo jubah putih, njagong nang sisih tengen, terus pada kaget. 6 Deweke ngomong karo wong-wong wadon, “Aja wedi. Kowe nggoleti Yesus wong Nasaret sing wis disalib. Deweke wis urip maning! Deweke wis ora nang kene. Jajal ndeleng panggonane sing Deweke digletakna. 7 Nanging saiki lunga bae lan ngomong karo murid-muride lan Petrus nek Deweke ndisiki maring Galilie. Nang kana kowe mesti ketemu, kaya sing wis diomongana maring kowe. 8 Wong-wong wadon mau banjur metu pada mlayu sekang kuburan; jalaran pada gemeter lan gumun. Jalaran saking wedine, wong-wong wadon kae ora ngomong apa-apa. Gusti Yesus ngatonaken awake maring Maria Magdalena 9 Wasise Gusti Yesus urip maning, wektu esuk-esuk dina Minggu, Deweke nemoni Maria Magdalena, ya kuwe sing biye kerasukan pitung demit lan wis diusir Gusti Yesus. 10 Maria Magdalena terus lunga ngabarna kedadean mau maring murid-muride lan wektu kue pada susah lan nangis. 11 Nanging wektu pada krungu nek Gusti Yesus urip, maning lan wis dideleng Maryam, pada ora ngandel. Gusti Yesus ngetokena awake maring ke loro muride 12 Terus Gusti Yesus nemoni loro liyane kanggo wujud sing beda nalika wong-wong kae mlaku maring nang njabane kota. 13 Wong loro mau banjur bali lan nyritakna maring murid-muride nanging penderek Gusti Yesus kae esing ora percaya. Gusti Yesus ngatokena awake maring murid-muride 14 Sawise kae Yesus ngetoni nang ngarepe sep welas murid-muride wektu pada mangan, terus Deweke ndukani kae kabeh jalaran esih ora percaya lan kerase atine, jalaran deweke kabeh ora percaya sing ndeleng Gusti Yesus sawise Deweke urip sekang matine. 15 Gusti Yesus ngomong maring murid-muride, “Lungaa maring sluruh jagad, lan kabarna kabar apik sing asale sekang Gusti Allah. 16 Wong-wong sing ngandel lan dibaptis bakal ulih urip langgeng, lan sing ora ngandel arep diukum. 17 Kanggo bukti wong sing wis ngandel jeneng-Ku, wong-wong mau bisa ngetokna demit, demit lan bisa ngomong basa sing anyar. 18 Nek deweke Nyekel ula lan ngombe racun deweke ora bakal ora nylakani. Gusti Yesus diangkat maring swarga 19 Sawise Gusti Yesus ngomong maring muride, Deweke banjur munggah nang suwargo lan njagong nang sebelah tengene Gusti Allah. 20 Murid-muride lunga lan martakna kabar apik nang ngenti-endi, lan Gusti Yesus melu nyambutgawe bareng-bareng karo murid-muride, mbuktikna wartane nganggo kedadenan muzizat-muzizat sing wis dideleng.