Pasal 7

Adat istiadate nenek moyang 1 Sekumpulan wong Farisi lan ana pirang guru agama kang Yerusalem, nakoni Yesus. 2 Wong-wong kue weruh ana pirang penderek Yesus mangan nganggo tangan kotor menurut agama, kudune lewih disit wisuh tangan sedurunge mangan, menurut aturan agama. 3 Wong-wong Farisi pada baek karo wong Yahudi, patuh carane melu adat leluhure yen urung wisuh, manut adat istiadat. 4 Apa sing di tuku nang pasar ora arep di pangan sedurunge di kumbah disit, lan isi akeh ajaran sekang leluhure sing kudune dilakoni, pada bae karo ajarane ngumbah gelas, mangkok, lan barang-barang tembaga. 5 Nanging wong-wong orang Farisi lan guru-guru agama pada takon maring Yesus, kenang apa penderek-penderek-Mu sebabe wong-wong kue ora manut karo leluhure dewek. 6 Yesus njawab, koe wong munafik! Bener banget apa sing di ramalna Yesaya wong-wong kue, yakue: “Kaya piye omonge Yesus, wong-wong kue mung sujud maring Gusti nanging atine adoh karo Gusti. 7 Sia-sia wong-wong kue menyembah Aku, nanging wong kui nganggo aturane manungsa, ketone kaya ajarane Gusti. 8 Jaran-ajaran manungso kowe kui sepelekna nanging aturan manungsa koe turuti. 9 Terus Yesus ngomong maring wong kue pinter banget nolak perintah-Ku men bisa ngukuhi ajaran deweke. 10 Prentahe Musa iki, ‘Ngormati rama lan biyungmu, sing sapa ngelek-ngelek rama beyunge kudu di ukum mati. 11 Nanging kowe kui mulang, nek ana wong ngomong maring wong tuane, apa sing kudu nyong wehna maring ramalan beyunge, wis aku beteni maring Allah, 12 yen kowe kue bebasna wong kang tanggugane nulungi rama beyungmu. 13 Dadi kangulanganmu dewek sing di wena maring wong-wong, kowe kui ngilangna ajarane Allah, esih akeh bab kowe kui patuhi. Bab sing ngregedaken wong 14 Yesus njaluk wong akeh iku sepisang maning wong-wong kue, rungakna men ngerti! 15 Ora ana barang-barang kang jaba, sing melebu njero iku dadek na najis. 16 [Sopo sing duwe kuping kanggo rungokna!] 17 Nalika Yesus nglungani wong akeh kui lan mlebu ngumah, penderek-penderek Gusti takon maring Gusti maksud pasemon kue. 18 Terus Yesus maring ngomong, “Wong-wong kue apa kue urung ngerti? Apa kue ora bisa ngerti, yen sing mlebu nang jerone manungsa ora bisa gawe wong kue najis. 19 Maksude sing mlebu ora nang ati lewat weteng terus metu maning, karo omongane Yesus nentokna yen kabeh panganan halal. 20 20 Omongane Yesus sing metu kang wong kue sing dadi kotor. 21 Jalaran kang jero, yakue kang jerone ati teka kang pikiranne sing jahat dadekna wong nglakoni cabul, nyolong, mateni, 22 zinah, nglomboni, mitnah, uga nglakoni apa bae sing jahat, dadekna serakah, ora pantes, iri hati, congkak lan ora gelem di wulang. 23 Kabeh sing jahat kue teka kang jero, koe kabeh sing dadekna wong najis.” Imane sawijine wong wadon 24 Banjur Yesus nglungani papan kue, lan lunga sing edek kota Tirus. Deweke mlebu sawijine umah lan ora gelem yen wong pada ngerti Gusti nang kene nanging Gusti ora bisa ngumpet. 25 Ana Ibu duwe anak wadon kesurupan roh jahat, bab Yesus. Deweke teka maring Yesus lan nyembah nang ngarepe Gusti, 26 karo jaluk men Yesus ngurak roh jahat kang bocah kue, wong wadon kue dudu wong Yahudi, sing lair nang daerah Fenesia nang Siria. 27 Omongane Yesus maring: "Bocah-bocah kudu di wei mangan disit. Ora apik jiot panganane bocah-bocah kanggo menehi maring asu." 28 Doro, saure wong wadon kue, “asu asu sing nang ngisor meja mangan lewihane sing ditibakena bocah-bocah!” 29 Terus Yesus ngomong karo koe awit jawabanmu kue, bali bae: "roh jahat wis metu kang anakmu." 30 Biyung kue bali nang ngumak. Deweke nemok na anake agi turu nang amben roh jahat kue bener-bener wis metu kang bocah kue. Gusti Yesus nyarasake wong sing bisu budheg 31 Terus Yesus lunga kang daerah Tirus lan nerusna laku-Nya lewat Sidon maring dano Galilea. Gusti jiot dalan sing maring daerah Sepuluh Kota. 32 Ana wong bisu tuli budeg nang ngarepe Gusti, wong kue jaluk men Yesus numpangna tangan-Nya maring duwure wong kue. 33 Yesus gandeng wong kue deweke dipisahke wong akeh, terus numpangna jrijine maring kuping wong we, Yesus idu, lan ngemek ilate wong kue. 34 Sawise Yesus donga maring langit terus ambekane dawa lan ngomong maring wong kue: “Efata”, tegese manga. 35 Wong kue kupinge dadi bolong lan ilate dadi lemes maning, dadine ngomongne kepenak 36 Terus Yesus ora ngulihna wong-wong kue pada ngabarna bab iku maring sapa bae, terus menerus Yesus ora ngulihna malah wong-wong kue ngabarna terus. 37 Lan kabeh wong sing krungu pada gumun, wong-wong kue pada ngomong kabeh bae sing diajarna Gusti kue apik, ngantek wong budeg bisa krungu wong bisu bisa ngomong.