Pasal 6

Gusti Yesus ditampik ing Nazaret 1 Sawise kae Gusti Yesus bareng karo penderek-penderekke mangkat maring desa asale dewek. 2 Wektu dina Sabbat/Minggu Deweke mulang nang umah ibadah, lan wong akeh sing ngrungokna pada gumun. Wong-wong kae ngomong, “Sekang ngendi wong kiye ulih ajaranne?” “Kewicaksanan apa sing diwnehi Gusti Allah maring Deweke?” “Mukjijat-mukjijat apa kiye sing diduweni Deweke?” 3 Apa kae dudu tukang kayu anake Maria, lan sedulure Yakobus, Yoses, Yudas lan Simon?” Apa sedulur-sedulure wadon ora nang kene?” Banjur kabeh kae pada nolak ajarane Gusti Yesus. 4 Terus Gusti Yesus ngomong karo wong-wong kae, ”Nabi kae nang ngendi-endi diajeni, kejabane nang panggonan asale lan karo sedulur-sedulure, lan nang umhe dewek.” 5 Mulane nang kana Deweke ora bisa nggawe apa-apa kejabane nempelna tangane nembani wong sending tok. 6 Ndeleng wong-wong sing ora percaya Gusti Yesus dadi gumun. Terus Deweke keliling ndeso mulangi. Gusti Yesus ngutus rolas muride 7 Yesus ngundang kerolas muride lan pada dikongkon loro-loro lan diwenehi panguwasan kanggo ngilangna demit. 8 Gusti Yesus melingi supaya ora nggawa apa-apa nang ndalan kejaba teken. Aja nggawa roti, aja nggawa tas, lan ora ana sing disimpen nang sabuke. 9 Ulih nganggo trumpah nanging ora ulig nggawa klambi rangkep. 10 Gusti ngomong, “Nek kowe ditampa nang omah, manggon bae nang kana nganti wektune lunga maning.” 11 Nek ana sing ora nampa utawa ngrungokna, wektu kowe ninggalna panggonan kae, ketabna lebune sing nang sikilmu, minangka seksi marang wong-wong mau. 12 Para Rasul mangkat lan mulangi supaya wong-wong pada nyingkur karo dosane. 13 Para Rasul pada nundung setan, ngurapi karo lenga lan marasna wong sing loro. Matine Yohanes Pembaptis 14 Sang Herodes krungu critane Yesus jalaran jenenge wis kondang. Wong akeh pada ngomong, ”Yohanes pembaptis wis diuripna maning mulane panderek Yesus kae nduwe kasekten.” 15 Wong liyane ngomong, “Deweke kuwe Eliyah.” Esih ana maning sing ngomong, ”Deweke kuwe Nabi, kaya Nabi nalika jaman biyen.” 16 Sawise sang Herodes krungu deweke kanda, ”Yohanes, sing endase tek sembeleh kae wis urip maning.” 17 Jalaran sang Herodes kae sing ngirim prajuriten kon nangkep Yohanes lan dilebokna ning penjara, jalaran Herodias ngrabeni bojone Filipus sedulur lanange. 18 Jalaran Yohanes kanda marang sang Herodes, ”Ngrabeni bojone sedulur lanangmu kuwe ora sah.” 19 Mulane sang Putri Herodhias ngancem Nabi Yohanes lan kepengin mateni deweke nanging ora bisa. 20 Jalaran sang Herodias wedi karo Yohanes, lan ngerti nek deseke kuwe wong sing mursid lan suci. 21 Akhire Herodias ulih kesempatan nang dina ulang tahune Herodes: wektu kuwe sang Herodes nganakna pesta kanggo para penggedene para opsir-opsir lan para penggedening tanah Galilea. 22 Wektu kue Putrine Herodias mlebu lan nyuguhi para tamune jogetan sing nggawe atine Herodes lan tamu-tamune nangti bungah. Sang Herodes kanda maring bocah wadone, “Njaluk apa bae sing dikarepi kowe lan arep tek wenehi.” 23 Sang Herodes nggawe sumpah maring bocah wadone, ”Njaluk apa bae arep tak wenehi nganti separone kratonku.” 24 Bocah wadone metu lan takon maring mboke, “Apa sing arep tek jaluki sekang deweke?” Ibunea ngomong, ”Endase Yohanes Pembaptis.” 25 Bocah wadone enggal-enggal maring pendapa sang Herodes lan kanda, ”Saiki aku nduwe endase Yohanes Pembaptis nang baki!” 26 Krungu panjalukane, sang Herodes dadi sedih/nlanga, nanging jalaran wis sumpah lan nang ngarepe para tamu, deweke ora bisa nolak janjine. 27 Dadi Herodes terus mrentah pengawale kon nggawa ndase Yohanes. Prajurite lunga nang penjara lan nyembeleh Yohanes. 28 Deweke nggawa ndase Yohanes nang baki, banjur diwehna maring bocah wadon kuwe lan diwehna maring mamake. 29 Sawise krungu, penderek Yohanes teka lan njupuk mayite lan terus diturokna nang sejeroning kuburan. Gusti Yesus maring mangan lima ngewu wong 30 Para Rasul pada kumpul bareng-bareng karo Yesus, lan nyritakna apa bae sing wis dilakoni lan diwulangna. 31 Terus Yesus kanda, “Ayo lunga nang panggonan sing sepi, ben Aku karo kowe kabeh bisa dewekan, lan ngso sedela.” Jalaran pancen akeh banget wong-wong sing pada lunga-teka nganti ora kober mangan. 32 Banjur Gusti Yesus mung karo muride pada mangkat nunggang prahu maring panggonan sing sepi. 33 Nanging wektu Gusti Yesus karo muride mangkat, wong-wong akeh pada weruh lan kenal sapa kae. Wong-wong sekang kota-kota pada mlayu-mlayu liwat jalan darat lan teka disiti Gusti Yesus karo muride. 34 Sawise Yesus medun sekang prahu, deweke weruh wong akeh kae, atine krasa melas, jalaran wong akeh kae kaya wedus sing ora nana pangone. Terus Yesus molai mulangi wong akeh kae perkara/bab sing werna-werna. 35 Bareng wis wiwit peteng para Rasul nekani Yesus lan ngomong, ”Kiye panggonan sing sepi lan wish arep mbengi.” 36 Kongkon wong wong kae kon lunga nag ndesa lan tuku panganan kanggo deweke kabeh.” 37 Nanging Gusti Yesus mangsuli:”Kowe wenehi panganan kanggo dipanga.” Para Rasul kanda maring Deweke, “Wah, aku kabeh kudu lunga tuku roti rong atus dinar kanggo mangani wong sing akeh kae?” 38 Gusti kanda maring Rasule, “Kowe duwe roti pira? Jajal dideleng.” Sawise dideleng para Rasul ngomong, “Roti lima lan iwak loro.” 39 Banjur kongkong wong kabeh kae pada njagong gegombrolan nang pasuketan. 40 Wong-wong kabeh pada njagong gegrombolan; ana sing nyatus, lan ana sing nyeket. 41 Sawise Gusti Yesus njupuk roti lima lan iwak loro kae, Deweke tumgenga nang langit lan mberkahi rotine, dipetil-petil lan diwenehna aring para Rasul kon dibagi-bagi maring wong akeh. Wis sing loro kae didumna nganti ulih kabeh. 42 Kabeh pada mangan nganti wareg. 43 Lewihe rotine dikumpulna karo para Rasul, nganti rolas rinjing lan iwake barang. 44 Sing mangan rotine kae limang ewu wong lanang. Gusti Yesus mlaku nang duwur banyu 45 Sawise kue Gusti Yesus ngongkon para Rasul cepet-cepet ndisiki nunggang prahu maring Betsaida, lan Yesus ngongkon wong-wong kabeh pada bali. 46 Sawise wong-wong kae pada lunga Deweke banjur munggah maring gunung kanggo ngonga. 47 Bareng wis mbengi prahune wis tekan nang tengah-tengah segara, lang Gusti Yesus dewekan nang darat. 48 Gusti Yesus ndeleng rekasa melahi prahune jalaran nglawan angin. Kira-kira jam telu mbengi Deweke nekani murid-muride mlaku nang nduwure segara, arep ndisiki murid-muride, 49 nanging wektu murid-muride ndeleng Gusti mlaku nang nduwure banyu murid-muride dikirane medi lan pada njerit, 50 jalaran kabeh mau ndeleng Deweke lan pada wedi banget. Nanging Gusti Yesus terus ngomong, “Pada wani! Kiye Aku! Aja pada wedi.” 51 Banjur munggah maring prahu lan nemoni para Rasul, angine menda, lan kabeh pada gumun banget. 52 Jalaran muride kae ora ngerti sing kedaden karo roti, jalaran pikirane kae alon-alon ngertine. Gusti Yesus marikena wong-wong mriyang nang Genesaret 53 Bareng wis pada nyabrang, kabeh kae teka nang Genesaret. Terus prahune dijangkar. 54 Nalika metu sekang prahu, wong-wong sing weruh terus kenal Yesus. 55 Wektu krungu nek Yesus teka, wong-wong pada mlayu-mlayu maring ngendi-endi lan nggawa wong-wong sing pada lara, lan diusungi maring Yesus. 56 Nang ngendi bae lungane Gusti Yesus, maring desa-desa, maring kota-kota, utawa maring pakampungan, wong-wong kae teka lan nggawa wong sing mriyang, kabeh pada njaluk ngemeki jubahe bahe wis bisa mari.