Pasal 5

Yesus marekena wong sing kerasukan roh jahat 1 Sawise tekan nang sebelahe segara tanahe wong Gerasa. 2 Lagi bae Gusti Yesus mudun sekang prahu, Deweke wis ditekani wong sing kerasukan. Deweke nembe metu sekang kuburan. 3 Wong kae manggon nang kana lan ora nana siji-sijine wong sing bisa mbanda deweke, senajan nganggo rante. 4 Deweke wis sering banget dibanda nganggo rante lan sikile diblenggu. Nanging rentene dipedot lan blenggune remuk. Wis ora nana wong sing bisa nelukna deweke. 5 Saben dina lan mbengi, nang kuburan lan nang gunung, deweke nggembor-nggembor lan ngantemi awake dewek nganggo watu sing landep. 6 Wektu deweke ndeleng Gusti Yesus sekang kadohan, deweke mlayu nekani Gusti lan nyembah. 7 Deweke nggembor seru banget, “Apa sing kudu tak lakoni karo Kowe, Gusti Yesus, Putrane Allah sing Maha Luhur? Nang jenenge Gusti Allah, aja nyiksa aku.” 8 Jalaran sedurunge Gusti Yesus wis kanda maring deweke, “Metu bae sekang wong kiye, kowe setan.” 9 Gusti Yesus takon, “Sapa jenengmu?” Pitakone Gusti Yesus maring deweke, “Jenengku Legiun, jalaran aku akeh banget.” 10 Deweke njaluk Gusti terus-menerus supaya ora dikirim lunga sekang kono. 11 Wektu kuwe ana komplotan babi sing akeh lagi nggolet panganan nang gunung. 12 Deweke njaluk maring Gusti Yesus, lan ngomong, “Kirim aku kabeh ning njerone babi-babi kae. 13 Gusti Yesus ngolehna. Demin-demit kae pada metu sekang wong sing kesurupan lan pada mlebu maring babi-babi kae. Grombolan babi sing cacahe kira-kira rong ewu kae pada gemruduk mudun sekang pinggir jurang ambyur maring segara lan pada ketilem. 14 Pangong-pangon babi kae pada mlayu lan ngomonga kedadeane nang kota, nang desa, lan wong akeh pada metu kanggo ndeleng kedadeanne. 15 Wong-wong kae pada nekani Gusti Yesus lan wektu ndeleng wong sing kesurupan Batalion tentara demit njagong wis klambenan lan waras, wong-wonge banjur pada wedi. 16 Wong-wong sing pada ndeleng kedadean karo wong sing kesurupan demit kae pada ngandakna maring wong-wong sing teka, lan ngandakna bab babi-babi kae. 17 Wong-wong sing teka kae njaluk Gusti Yesus kon lunga sekang kana. 18 Wektu Gusti Yesus munggah maring prahu arep lung, wong sing kesurupan demit kae njaluk Gusti Yesus arep melu. 19 Nanging Gusti Yesus ora ngijinna lan kanda, “Kowe bali bae maring umahmu, omongna maring wong-wongmu, lan kandakna apa sing wis dilakoni Gusti maring kowe, lan sih kawelasannya sing wis diwenehna kowe. 20 Wong mau banjur lunga lan nyritakna sing dilakokna Gusti Yesus nang Dekapolis. Wong-wong sing krungu pada gumun. Anake Yairus – Wong wadon sing ngemek jubahe Gusti Yesus 21 v 21 Sawise Gusti Yesus nunggang prahu nyebrang maring sebelahe dano maning, wong-wong akeh sing pada teka ngrubungi Deweke. Gusti Yesus ngadeg nang pinggir dano. 22 Wektu weruh Gusti Yesus, salah sijine pemimpin umah ibadah sing jenenge Yairus terus sujud. 23 Deweke njaluk-njaluk terus/ngrengek lan ngomong, “Anak wadonku wis arep mati. Aku njaluk maring Gusti teka maring umahku lan nempelna tangan-Mu nang anak wadonku supaya mari lan urip. 24 Gusti Yesus lunga karo deweke lan wong akeh pada suk-sukan ngtutna Deweke. 25 Wektu kuwe ana wong wadon sing wis rolas tahun lara getihan. 26 Deweke wis bola-bali maring dukun dadi sengsara lan duite entek kanggo nambani, nanging malah tambah lara. 27 Deweke krungu babe Gusti Yesus. Mulane banjur teka maring mburine Gusti Yesus wektu Deweke mlaku bareng karo wong akeh, lan ndemek jubahe. 28 Sebab deweke mikir, “Nek aku bisa ndemek jubahe bae aku bisa mari.” 29 Wektu deweke ndemek jubahe, getihane terus mandeg, lan deweke rasane wis mari sekang kesengsaraane. 30 Wektu kue Gusti Yesus ngrasakna nek ana kekuatan sing metu sengan Awake dewek, terus Yesus nylingak maring wong-wong akeh kuwe takon, ”Sapa sing nyenggol jubah-Ku?” 31 Para penderek Gusti Yesus ngomong “Jajal dideleng, wong ana wong-wong akeh banget koh Gusti takon “Sapa sing nyenggol Aku?” 32 Nanging Gusti Yesus nggoleti nang sekelilinge sapa kae wong sing nyenggol mau. 33 Wong wadon mau kue ngerti apa sing kedadean karo awake, dadi deweke gemeter terus sujud nang ngarepe Yesus lan ngakone sing dilkoni. 34 Banjur Yesus kanda karo wong wadon kae, “Anak wedon-Ku, imanmu wis marekna. “Lungaa kanti tentrem, jalaran kowe wis mari sekang laramu.” 35 Wektu Gusti Yesus esih ngomong, ana wong sekang omah ibadah lan kanda, “Anakmu wadon wis mati. ora usah ngrepoti Gusti Yesus maning.” 36 Ora nggatekna sing diomongna wong-wong kae, Yesus ngomong maring lurah papan ibadah, “Aja wedi, ngandel bae.” 37 Terus Yesus mlaku bae, nanging Yesus ora ngulihna wong liyane melu, seliane Petrus, Yakobus, lan Yohane sedulure Yakobus. 38 Wektu Yesus mlebu omahe lurah umah ibadah, Yesus weruh kahanan sing semrawut lan krungu wong pada nangis sing seru. 39 Terus Yesus mlebu lan ngomong maring wing sing pada nangis, “Kenang apa pada semrawut lan pada nangis? Padahal bocah kuwe ora mati nanging lagi turu.” 40 Wong-wong sing ndenger ngguyoni Yesus. Terus Yesus mrentah wong-wong kon pada metu kabeh. Terus Deweke nyengi rama lan biyunge bocah kue lan kae sing teka karo Deweke, lan mlebu nang kamare bocahe. 41 Gusti Yesus nyekel tangane bocah kue karo ngomong maring deweke, “Talita kum, ” sing artine, “Bocah wadon, aku ngomong maring kewe, ayuh menyat. 42 Bocah wadon kue terus menyat lan mlaku jalaran deweke wis umur rolas tahun. Wong-wong sing nyekseni kedadian kae bada gumun. 43 Nanging Yesus menging aja nganti ana wong sing krungu bab kiye. Terus ngongkon supayane bocah kue kon madang.