Pasal 4

Pasemon bab wong nabur 1 Gusti Yesus mulang maning nang bengawan Galilea akeh banget wong pada ngrubung. 2 Terus Yesus mulang akeh kae karo nganggo perumpamaan kaya wulangane Gusti. 3 Rungokna anane wong tani nandus winih. 4 Wektu kue agi nyebar ana winih sing tiba nang ndalan terus manuk-manuk pada teka lan winih kue dipangan entek. 5 Ana bae sing tiba nang watuan sing lemahe semending winih winih kue cepet tukul merga kurang lemah. 6 Tapi wektu kue srengenge munggah tukulan tukulan kue molahi pada alum terus garing lan mati mergane oyode ora jero mlebune. 7 Ana bae winih sing tiba nang suketan akeh erine kue tukul lan njepit tukulan kue ngati ora woh. 8 Tapi ana bae winih sing tiba nang lemah sing sebut, winih kue tukul terus dadi gede terus ganti, ana sing telung puluh ana sing sewidak lan ana sing ping satus. 9 Sawise nyritakna perumpamaan kue Yesus ngomong “Kowe ndue kuping, rungokna.” Pitakon Gusti Yesus nganggo pasemon 10 Wektu Yesus dewekan, wong-wong sing krungu wulangane bareng-bareng karo wong rolas penderek-Ke njaluk di terangna tegese pasemon kae. 11 Terus Yesus ngomong aring kae kowe wis di wei kekeran kanggo ngerteni kraton Allah nanging wong-wong njaba di wulangi nganggo pasemon. 12 Ben kowe arep terus nggatekna nanging ora ngerti sing dadi kowe arep terus krungu nanging ora ngerti, supaya pada tobat lan oleh pangapuran. Gusti Yesus nerangeken pasemon wong nabur 13 Terus Yesus maring wong wong kue nek kowe ora ngerti pasemon kue keprie kowe bisa ngerti pasemon sing liane? 14 Penabur kue wong sing nerangna kabar sekang Gusti Yesus. 15 Bibit sing tiba nang ndalan ibarat wong wong sing krungu kabar keslametan sekang Gusti sawise setan krungu banyur teka njiot Sabda Allah sing wis nang njero atine wong kae. 16 Bibit sing tiba nang nggon watu watu ibarat wong wong sing krungu kabar kue lan terus nampa kanthi seneng atine. 17 Nanging kabar kue ora bisa ngoyod nang njero atine wong kue, kaya kue deweke, sengsara lan penyiksaan mulane deweke terus murtad. 18 Winih sing tiba nang tegal suketan kue ibarat wong wong sing krungu kabar kue, 19 nanging kewatir soal uripe mewah karepe kepengin nang atine dewek sawise kabar sekang Gusti Allah mlebu nang njero atine deweke banjur ora bisa ngasilke woh. 20 Winih sing tiba nang tanah subur kue ibarat wong wong sing krungu kabar kue nampani who-wohe akeh ana sing 30, ana sing 60, lan ana sing ping100. Lampu sing ditutup karo tempayan 21 Terus Yesus ngomong, “Apa ana wong sing nggawa damar terus ditutupi kranjang utawa ngletakna ning ngisor amben? Apa ora numpangna nang padamaran? 22 Ora ana sing di umpetna sing ora arep keton, lan ora ana sing dirahasikna, sing ora arep dibongkar. 23 Sebab kue nek due kuping ngrungokna. 24 Terus Yesus ngomong maning, gatekna apa sing koe krungu kie, cara sing koe enggo. Kanggo wong lia arep dienggo maning nang Gusti Allah lan dienggo wong lewih akeh. 25 Sebab wong sing wis due arep diwei lewih akeh maning, nanging wong sing ora ndue, sing esih ana ning deweke arep dijiot kebeh. Pasemon bab wiji sing thukul 26 Yesus nerusna omonganNe maning, Kraton Allah kue kaya kiye: nek Allah kongkon dadi Raja, umpamane kaya wong sing nyebar winih nang kebon. 27 Nek mbengi deweke turu, nek awan deweke tangi lan sementara kue, winih-winih kue pada tukul nganti duwur, nanging keprie carane winih-winih kue bisa thukul lan dadi duwur, wong kue ora ngerti. 28 Lemah kue sing ngetokna kasih nganggo carane dewek, sampe ngetokna woh-wohan. 29 Lan nek gandum kue wis mateng, wong kue mulai ngarit karo wis wektune kanggo maneni. Pasemon benih sawi 30 Nek Gusti mrentah, karo apa Deweke bisa dibandingake? Takon Yesus maning “nganggo cara apa dewek bisa njelasna? 31 Yen Gusti mrentah kahanane kaya pasemon. Kie kaya biji sawi dijiot nang wong terus ditandur nang lemah. Wiji sawi kue sing paling cilik nang ndunya. 32 Tapi nek wis thukul kue dadi sing paling gede ning antarane tanduran-tanduran. Cawang-cawange akeh banget nganti bisa dari pangayoman manuk-manuk sing nggawe susuh nang nginsore. 33 Kaya kue Yesus mulangi wong nganggo cara pasemonan sing bisa dingerteni. 34 Yesus ora tau ngomong karo wong liyane ora nganggo pasemon. Nanging nek dewekan karo karo penderek-Ke, Deweke tansah nerangna. Gusti Yesus nyetop angin ribut 35 Wektu sore kue Yesus ngomong karo penderek pendereke, “Ayo bareng bareng numpak prau ning sebelah kana.” 36 Dadine Yesus lan penderek-Ke ninggalana wong akeh lan nderekake Yesus sing wis ning prahu. Prahu liane uga melu. 37 Ora sue maning teka prahara karo angin, lan ombake pada nyempyok-nyempyok mlebu ning prau nganti prehune wis arep kebek banyu. 38 Nang Yesus lagi sare nanggo bantal nang mburi prahu. Pendereke nggugah Yesus lan ngomong, “Guru, apa Panjenengan ora nggalih nek aku kabeh arep mati?” 39 Yesus tangi banjur mbentak angin kue, lan ngomong maring telagane, "Menenga, lan dadi anteng!" Terus angine mandeg telagane dadi anteng. 40 Terus Yesus ngomong maring penderek penderek kenang apa koe wedi, kenang apa koe esih ora pada ngandel maring Aku? 41 Terus penderek-Ke pada wedi lan pada guneman, “Sapa ya wong kie sebenere, nganti angin karo telaga bae pada manut?”