Pasal 3

Wong sing tangane lumpuh sebelah 1 Yesus tekan ning pendapa ibadah maneh, la ana wong sing tangane sijine ceko. 2 Wong-wong pada ndeleng apa Deweke arep marasi ning dina Sabat. Wong-wong kae nggoleti alasan kanggo nuduh Deweke nggawe kesalahan. 3 Yesus ngomong karo wong sing tangane ceko, Ayo menyat lan ngadeg ning tengah-tengahe wong kabeh. 4 Terus Yesus takon karo wong akeh, “Nek ngetutna agama, apa sing ulih tak gaweni nang dina Minggu? Nglakoni sing apik apa sing ala? Nylamatna apa mateni?” Deweke kabeh pada meneng. 5 Ndeleng sekelilinge Yesus kesuh nanging uga nelangsa jalaran wong-wong kae sombong. Terus Gusti takon maring wong kae “Ulungna tanganmu” Wong kue ngulungna tangane terus tangane mari. 6 Terus wong-wong Farisi nglunga sekang umahibadat kae, terus rembugan karo pirang-pirang pendukunge Herodes kanggo mateni Yesus. Wong akeh nang pinggir danau 7 Yesus karo penderekke Gusti lunga ngedohna lan ndeketi telaga Galilea. Terus akeh banget wong sekang Galilea sing lunga melu Yesus. 8 Kang Yerusalem, sekang sekang bumi Idumea lan kang bumi nang sebelah wetan Yordan lan sekang wilayah kota di Tirus lan Sidon. Kae kabeh teko neng Gusti Yesus jalaran wong-wong kae wis krungu bab sing dilakokna Yesus. 9 Jalaran wonge akeh banget dadi Yesus mrentah para penderek-Ke nyediakna prahu kanggo Deweke, supaya aja nganti kepepet karo wong akeh. 10 Wong-wong sing diwarasna Yesus kuwe akeh banget, nganti wong-wong sing pada lara pada suk-sukan kepengin nyentuh Yesus. 11 Neng ana wong sing kelebon setan ndeleng Yesus, langsung bae sujud nang ngarepe Gusti lan nggembor land ngomong, Kowe kue Anak-Ke Gusti Allah!” 12 Deweke mrentah wong sing kelebon setan diwanti-wanti ora ulih martaaken bab Yesus. Gusti Yesus iniji rasul rolas 13 Terus Yesus munggah maring nggunung, ngundang wong sing gelem, lan wong kabeh pada teka. 14 Deweke milih wong rolas sing dijenengi para Rasul supaya wong sing dipilih kae mbarengi Yesus lan kon nyebarna kabar apik sekang Gusti. 15 lan ulih kuasa kaggo ngusir setan. 16 Deweke milih wong sing rolas kae: lan sing siji kue Simon sing dijenengi Petrus. 17 Yakobus bin Zebedeus, lan Yohanes sedulure Yakobus sing saklorone dijenengi Boanerges sing artine anak guntur. 18 liyane kuwe Andreas, Filipus, Bartolomeus, Matius, Tomas, Yakobus anake Alfeus, Tadeus, Simon wong Zelot, 19 lan Yudas Iskariot sing ngulungna Yesus. Yesus dan Beelzebul 20 Terus Yesus bali maring ngomah, lan wong akeh banget pada teka maning nganti ora nana wektu kanggo mangan. 21 Wektu keluargane pada krungu, terus pada metu kanggo nyekel Deweke lan ngomong Deweke kiye wis gemblung. 22 Para ahli Toret sing teka sekang Yerusalem ngomong: “Deweke kuwe kerasukan Beelzebul,” lan: “Ngetokaken setan nganggo kuasa setan.” 23 Yesus nyeluk para ahli Toret lan ngomong nganggo pasemon: “Kepriwe apa mungkin setan ngusir setan? 24 Umpamane ana kraton pecah dadi loro lan pada perang mesti kratone ora bisa ngadeg, 25 umpamane umah didadikaken loro lan pada musuhan mesti umahe ora bisa ngadeg. 26 Umpamane setan pada nglawan dewek lan dibagi loro, mesti ora bisa urip lan sirna. 27 Nanging ora ana wong sing bisa mlebu umahe wong sing rosa lan nyolong barange tanpa mbandani wong sing rosa disik. Mung nek wis dibanda malinge bisa nyolong barange sekang umah. 28 Dieling-eling sing tek kandakaken, kabeh dosane manungsa bisa diampuni, semono uga kabeh pitenah sing ngleceki banget, 29 Nanging sing ngleceki Roh Allah ora bisa diampuni! Jalaran dosa kue dosa sing langgeng. 30 Yesus ngomong kaya kue jalaran ana wong sing ngomong nek Yesus kue kranjingan setan. Ibu lan saudara-saudara Gusti Yesus 31 Ora suwe maning ibune Gusti Yesus karo dulur-dulure pada teka lan nuggu nang njaba. Deweke kabeh ngongkon wong nyeluk Yesus. 32 Wong-wong sing pada jagongan nang sandinge Yesus kanda karo Deweke, biyung-Mu lan sedulur-Mu nang njaba, lan kepengin weruh Kowe kuwe nang ngendi. 33 Yesus mangsuli, sapa kuwe biyung-Ku lan sedulur-sedulur-Ku? 34 Terus Deweke ndeleng maring wong-wong sing pada djagong nang pinggire lan ngomong, delengi, kiye biyungku lan sedulur-sedulurku! 35 Wong sapa bae sing gelem nglakoni karepe Gusti Allah, deweke sedulur lanang, sedulur wadon, lan biyung-Ku.