Pasal 2

Gusti Yesus marikena wong lumpuh 1 Sawise pirang-pirang dina Gusti bali maring Kapernaum, wong-wong pada krungu nek Gusti nang omah. 2 Dadi wong akeh pada kumpul nganti nang njero omah wis ora cukup, nganti lawang ngarep. Gusti mulangi wong-wong kebeh Sabda Allah. 3 Ana wong-wong teka sing nggawa wong lumpuh digotong wong papat. 4 Jalaran wonge akeh banget dadine ora bisa cedek karo Gusti, terus wong sing nggawa mbuka payon nang duwure Gusti Isa. Sawise bisa nggawe bolongan, terus amben sing dituroni wong lumpuh kae diduna. 5 Ndeleng gedene kepercayane wong-wong kae, Gusti ngomong “Anak-anak-Ku, dosamu wis diampuni.” 6 Nang kono ana para ahli Toret sing pada nggagas, 7 Kepriwe wong kiye bisa ngomong kaya kuwe? Kue artine nyenyamah Gusti Allah. Sapa sing bisa ngampuni dosa kajabane Gusti? 8 Ngerteni gagasane wong kae, Isa ngendika: Kepriwe kho nduwe gagasan kaya kuwe ning atimu? 9 Endi sing luwih gampang ngomong karo wong lumpuh kae, Dosamu wis diampuni utawa ngomong: Ayo tangi, gawa klasane lan mlakuo? 10 Nanging supaya kowe kabeh kudu ngerti, nek Putrane Manungsa nduwe kawenangan kanggo ngapurani dosa, banjur kanda karo wong sing lumpuh, 11 Aku ngomong karo kowe, ayo menyat, njupuk klasane lan bali maring umahmu. 12 Wong sing lumpuh menyat lan terus njupuk klasane, terus metu sekang omah lan malku nang ngarepe wong-wong kabeh. Dadina wong kabeh pada gumun, muji Allah, lan ngomong, Aku kabeh durung tahu weruh bab sing kaya kiye.Gusti Yesus nimbali Lewi 13 Gusti lunga maring dano maning lan wong-wong akeh nututi Deweke, lan diwulangi. 14 Wektu Deweke nglewati, Gusti ndelok Lewi bin Alfeus, sing lagi jagongan ning kantor pajeg terus kondo karo deweke, Ayo melu Aku. Deweke menyat lan melu Gusti. 15 Wektu Isa lagi madang ning omahe Levi para juru bea-cuke lan wong-wong sing dosa pada mangan karo Gusti lan murid-muride, jalaran akeh banget sing ndereki Deweke. 16 Nalika para ahli Toret sekang golongan Farisi ndeleng Gusti Isa bebarengan karo juru bea-cuke lan wong-wong sing dosa kae, banjur pada ngomong karo murid-muride Gusti: Kenangapa Gurumu mangan bareng karo juru tagih pajeg lan wong-wong sing dosa? 17 Yesus krungu pitakone kae terus njawab, wong sing sehat ora butuh dokter nanging wong sing lara bae. Aku teka orang nggo ngundang wong sing nganggep dirine mursid nanging wong sing nganggep dirine dosa. Bab puasa 18 Wektu dina kue penderek-penderek Yohanes Pembaptis lan wong-wong Farisi agi pada puasa. Terus ana wong sing teka lan takon, “Kenangapa muride Yohanes lan muride wong Farisi pada puasa, nanging muridMu ora pada puasa? 19 Yesus njawab, ”Wektu pesta ngijab, apa tamune pada puasa wektu pengantene esih bareng tamune? Sasuwene tamune esih karo pengantene, ya tamune ora puasa lah. 20 Nanging arep teka wektune penganten lanang kue dipisah, lah pada wektu kue nembe kabeh kae pada puasa. 21 Jalaran ora nana wong sing njahit gombal anyar nang busana sing wis tua, jalaran tambalane bisa rowek sekang busana tua kae, lan sowekane malah dadi amba. 22 Ora nana wong sing ngisi anggur anyar ning kantong kulit tua, jalaran anggure bisa mbledosi kantonge lan anggure ilang. Dadi, sing lewih apik ya ngisi anggur anyar ning kantong anggur sing anyar. Pitakon ngenani dina Sabat 23 Wektu dina Sabat lewat nang kebon gandum, lan muride Yesus pada nyetuti gabah gandum lan dipangan. 24 Wong-wong Farisi banjur pada ngomong karo Yesus: Jajal ndeleng kae, wong-Mu kae nglakoni barang sing ora ulih dilakoni wektu dina Sabat? 25 Yesus njawab, Apa kowe durung maca apa sing dilakoni Daud wektu deweke lan wong-wong sing karo deweke kencot? 26 Anggone mlebu maring omahe Gusti Allah wektu Abiathar esih kiyai agung, lan mangan roti sing wis disajenaken sing ora bisa dipangan karo sapa bae kejabane Imam, nanging deweke menehi para penderekke? 27 Yesus ngomong, Sabat kuwe digawe kanggo manungsa, dudu manungsa kanggo Sabat. 28 Dadi Putrane Manungsa kuwe Gustine dina Sabat.