Pasal 1

Khotbahe Yohanes Pembaptis 1 Kie kabar apik tentang Gusti Yesus. 2 Kabar apik kue molai kaya sing ditulis nang nabi Yesaya kaya kie, “’Kaya kie prentahku,’ omonge Gusti; Aku prentah deweke lewih disit kanggo koe kabeh ben supayane deweke mbukak dalan nggo kowe kabeh.’ 3 Ana wong tulung-tulung nang segara wedi, “Siapna dalan kanggo Gusti; ratakna dalan kabeh sing arep nggo liwat.’” 4 Kaya sing ditulis kue kaya kue uga nongol Yohanes nang alas gundul. Deweke mbaptis wong karo nyampekna kabar sekang Gusti. Koe kudu tobat kang dosa-dosamu karo kudu dibaptis supaya Gusti ngapurani kowe kaya kue omonge Yohanes. 5 Kabeh wong sekang daerah Yudea karo kota Yerusalem lunga ngrungokna Yohanes kae ngaku dosa dosane kae karo Yohanes dibaptis nang kali Yordan. 6 Yohanes nganggo klambi sekang wulu unta sabuke sekang kulit lan panganane walang lan madu alas. 7 Deweke ngabarna berita kiye engko sawise aku arep teka wong sing lewih kuasane ngluwihi aku. Mbok nguculi tali sepatune bae aku ora pantes. 8 Aku mbaptis kowe nganggo banyu nanging Deweke bakal mbaptis kowe nganggo Roh Suci. Yohanes mbaptis Yesus 9 Wektu kue Gusti Yesus teka sekang Nazaret bumi Galilea, lan banjur dibaptisi Yohanes ning kali Yordan. 10 Sauwise Gusti Yesus mentas sekang mbanyu, langite manga lan Roh Allah mudun kaya manuk dara nang nduwure Gusti. 11 Terus krungu suarane Allah ngene, “Iki lho Putraku sing tek tresnani sing nyenengaken atiKu.” Gusti Yesus kagodha dening Iblis 12 Sawise kuwe Roh Allah nggawe Yesus lunga maring alas gundul. 13 Patangpuluh dina nang kana Deweke digoda Iblis. Deweke karo satwa alas lan diladeni para malekat. Gusti Yesus nimbali nelayan papat 14 Sawise Yohanes diukum Yesus lunga maring Galilea lan nyiarake Injil Allah. 15 Terus kanda, Siki wis mangsane lan kratone Allah wis cedek. Ayo pada tobat lan percaya marang Injil. 16 Wektu Gusti Yesus mlaku nang pinggir segara Galilea, Deweke weruh Simon lan Andreas lagi njala iwak pancen wong sakloron kuwe tukang njala. 17 Gusti Isa ngendika: “Ayo melu Aku jalaran Aku arep ndadekna kowe kabeh dadi tukang njala menungsa.” 18 Saklorone ninggalna jalane lan melu Gusti Yesus. 19 Wektu Isa nerusna tindake, Deweke mirsa Yakub bin Zebedi lan sedulure Yohanes lagi ndandani jalane. 20 Gusti Isa terus ngundang wong kuwe sakloron; banjur ninggalna ramane Zebedi nang prahu karo para buruhe, lan melu Gusti Isa. Wong sing kelebon roh jahat 21 Gusti Isa lan para panderekke teka nang Kapernaum, wektu kuwe dina Sabat Deweke mlebu ning pendapa lan mulangi. 22 Wong-wong sing ngrungokna pada gumun karo wulangane jalaran ngajare penuh panguwasa lan ora kaya ahli Toret. 23 Wektu kuwe nang pendapa ana wong sing kesurupan demit. Terus njerit: 24 He Isa, wong Nasaret arep nggawe apa karo aku kabeh? Gusti rawuh kanggo numpes aku kabeh? Aku wis ngerti sapa Njenengan: Gusti utusan suci sekang Allah! 25 Ya wis meneng bae lah bentak Isa, metu bae sekang wing kiye. 26 Sawise demite mbanting wong sing kesurupan, demite njerit-njerit seru banget lan metu sekang wong kuwe. 27 Wong-wong sing ndeleng kadadiane pada gumun takon-tinakon, “Apa si kiye? Piwulang anyar! Sing nganggo panguwasan apa kepriwe demit bae bisa diprentah lan nurut Deweke!” 28 Warta bab Gusti Isa langsung tersebar maring ngendi-endi nang lingkungan Galilea. Gusti Yesus marikena wong akeh 29 Sawise ninggalaken pendapa papan ibadah banjur pada maring umahe Simon lan Andreas. 30 Nang kono ibu mertuane Simon nggletak nang amben lagi mriyang. Dadi wektu Isa lan penderek-Ke mlebu ning omah, Deweke dikandani bab ibune. 31 Gusti Isa nekani ibu mertuane Simon, nyekel tanganen lan ditangekaken. Mriyange ilang lan terus ngladeni. 32 Wektu sore wong sing pada mriyang lan sing kesurupan demit digawa menyang Isa. 33 Wong-wong sekota pada krubutan nyang ngarep umah. 34 Gusti Isa marasaken wong-wong sing kena lelara lan nundhungi demit. Nanging Gusti orang marengi demit pada ngomong jalaran kae kabeh wis kenal sapa Isa kue. Gusti Yesus kotbah ing Galilea 35 Utuk-utuk Gusti Isa wis wungu lan lunga nang tempat sing sepi lan ndengonga. 36 Simon lan kanca-kancane nggoleki Gusti. 37 Sewise ketemu terus matur “wong akeh pada nggoleti Gusti.” 38 Gusti Isa njawab, “Ayuh lunga marang tempat liyane sing cedek supaya aku bisa ngabaraken warta Injil. 39 Gusti terus njlajahi bumi Galilea khotbah ning pandapa ibadah, lan ngusir para demit. Gusti Yesus marikena wong sing kena penyakit kulit 40 Wong sing kena penyakit kusta teka maring Gusti Yesus terus sujud, lan ngomong, nek Gusti kersa nambani, aku bisa cepet-cepet mari. 41 Gusti Isa atine trenyuh maring wong kuwe lan terus nambani. 42 Sanalika wong sing kena penyakit kuwe terus mari. 43 Terus Gusti Yesus mrentah wong sing kena kusta kon lunga lan pepenget. 44 Poma dipoma aja ngomong maring sapa bae, nanging temoni bae si Kiyai lang ngomong nek kowe wis bener-bener mari. lan aku arep syukuran nyembelah wedus kendit kanggo persembahan menurut prentah nabi Musa, utawane kanggo bukti yen aku bener-bener wis mari. 45 Wong kuwe terus lunga lan ngomongaken nang ngendi-endi nganti Gusti Isa ora bisa mlebu nang sejrone kota, malah kudu tinggal ning tempat sing sepi supaya wong wong sekang ngendi-endi pada nyowani Deweke.