Pasal 1

Salam seka Petrus 1 Seka Rasul Petrus Yesus Kristus kanggo wong-wong seng pada sumebar ning wilayah Pontus Galatia, KapadokiaAsia ia Bitinia seng dipilih. 2 Awit gemiyen Karo Allah sang rama kang di cucekna Karo Roh. Supaya uripe taat kanggo Kristus Yesus Ian oleh cepretane betihe. Berkah kemurahan ian Ayem tentrem kasokna ana ing Uripmo.Kekarejaning orep 3 Mulia Gusti Allah Ian rama seka Gusti Yesus Kristus seng pada karo sih ramahte Gusti seng bede banget, sing wis nglarno inyong kabeh sak Jrong angen- angen urip lantaran uripe Kristus Yesus seka antarane wong mati. 4 Banjur nampa warisan sing langgeng, ora bisa rusak Ian ora bisa Alum: sing disimpen ning suwarga kanggo kowe. 5 Yo iku kowe sing di lindungi karo kuasane Gusti Allah marga seka percaya keselamatan sing dicawisna kowe ing Dina akhir. 6 Ana ing kana kowe seneng banget , senajan ming sedela, yen dibutuhkan kowe kudu nanggung sengsara werna- werna coba’an. 7 Pamri percaya luwin aji tinimbang emas sing bisa rusak, arepa wis di uji nganggo geni, wujude murni ian oleh panglembana, kamulyan lan kaormatan nalika Yesus Kristus nyatakna. 8 kowe durung tau neleng deweke, anginge kowe tresna mareng deweke, arepo kowe siki durung tau deleng deweke nangging kowe percaya marang deweke, kowe seneng lan bungan sing ora bisa siomongna lan sing di barengi kamulyan, 9 Mergo kowe wis tekan tujuane percaya, ya iku kanggo keslametane jiwo ne kowe. 10 Sebeb keslametan kiye, nabi-nabi sing ngomongna kamulyian sing bakal kedadean sing dakale dadi duweke koneya iku sing wis di teliti lan di sinaoni kanti teliti banget. 11 Wong ake pingin ngerti sapa ian kapan wektune sing di maksud karo Roh Kristus sing ono deweke naliko ngramal bab Kristus sengsara lan sak wise kuwe di mulyakna. 12 Tumprape nabi-nabi iku nyatakna yen wong-wong kabeh ora nglayani awake dewek-dewek, nanging nglayani kowe bab-bab sing wis di wartakna ming kowe karo wong-wong sing ngabarna Injil kanggo kowe lantaran Roh Suci sing di utus seka surfa, bab-bab iku sing pingin banget dibuktekna karo malaikat-malaikat. Dikeluk Kanggo Urip Suci 13 Merga kowe siapna akal buri ne kowe lan waspada deleng kepinginan kone kabeh ono ingrahmate sing diwenehna kowe wektu Kristus Yesus di nyatakna. 14 Tumprape anak-anak sing nurut ojo nurut ing nafsu bejate kowe nalika kowe isih urip nganggo uripe wong bodo, 15 nanging sucikna kabeh tingkah laku ne kowe, kaya Gusti Allah sing nyeluk kowe ya iko suci. 16 Sebab ana tulis kowe kudu suci sebab inyong suci. 17 Yen kowe nyelok deweke sebagai rama, yaiku deweke sing ngadili saben wong nurut sing di lakona wong kabeh orambedak-mbedakna sakjroning dadi wong neka duwes orip sing shaleh. 18 Karo ngerteni yen kowe wis di tebus seka orip sing sia-sia sing teles rusak kaya dene emas utana perak. 19 Nanging nganggo getihe Kristus sing mulia, getih anak-domba sing luwit aji lan sing sempurna. 20 Merga Kristus wis dipilih sak durunge jagat di gawe, nanggng deweke agi keton ing jaman akhir iki kanggo kowe. 21 Lewat deweke kowe dadi percaya mareng Allah, ya kuwi Allah sing nangekna Yesus seka antaraning wong mati lan Allah sing menehi kamulyan nggo deweke supaya percaya lan pengarep-ngarep kowe marang gusti Allah. 22 Merga kowe wis nyugekna jiwane sakjroning nurut ono ing kayketen banjur nduwe katresnan seduluran sing tulus. Ayo pada nresnon, sing temenan seka ati sing murni. 23 Mergo kowe di larna maning, ora seka ninih sing teles mati, ya kuwe nganggo pangucape gusti Allah sing urip langgeng. 24 Kitab suci ngomongna, “Kabeh sing urip ya kuwe kaya suket, lan kamulyane kaya kembang suket, suket banjur alum lan kembange gogrok. 25 nanging ucapane gusti langgeng selawase lan ucapane gusti ya kuwe injil sing di kabar no mareng kowe.