Pasal 2

Watu Sing Urip Lan Bangsa Sing Suci 1 Mula kuwe, ilangna masa sengite kabeh, kabeh carane nglomboni, kabeh pengiren lan kabeh cara sing gawe lara. 2 Kaya bayi sing nembe lahir, kudune kowe duwe kepenginan susu Rohani sing suci ben kowe uripe dadi slamet. 3 Angger kowe wis temenan, ngrasakna menawa Tuhan kuwe apik. 4 Wektu kowe teka maring Kridtus. watu urip sing ditampik nang menungsa, ning sing dipilih nang Allah, lan dianggep ana regane tumrap deweke. 5 Kowe uga kaya watu-watu urip, sing digawe, dadi umah rohani, umat sing suci kanggo asok korban-korban rohani sing di tampa nang Allah lantaran Yesus Kristus. 6 Merga Kitab Suci nyritakena, "Delengen inyong ngesogena watu siji nang Sion, watu siji watu penjuru sing dipilih lan sing pengaji lan sapa bae sing ngandel maring deweke ora bakal digawe wirang. 7 Dadi watu kuwe pengaji kanggo kowe sing ngandel nanging tumrap sing ora ngandel, "Watu sing ora dienggo nang tukang-tukang bangunan, wis dadi watu penjuru." 8 Lan dadi, "sewijining watu sandungan, lan karang sing ndadekena wong tiba Deweke kepaduk sebab oora manut maring Firman, kuwe dalan sing ditetepena maring deweke. 9 Nanging kowe bangsa sing kepilih umat rajani bangsa sing suci, umat duweke Allah dewek, ben kowe bisa ngawehna kebagusan-kebangusane sing wis nyeluk kowe metu sekang pepeteng tumuju maring pepadange sing aneh. 10 Gemiyen, kowe udu umate Allah, ning siki kowe dadi umate Allah, gemiyen kowe ora nampa welas asih, ning siki kowe wis nampa welas asih Allah. Ngelakokena Urip Sing Apik Kanggo Muliakena Allah 11 Sesulur-sedulur sing tek senengi inyong kepengin ngomongi kowe nggo wong anyar lan wong liya nang dunya kiye kanggo ngadohna awake sekang kepenginan hawa nafsu kedunyan sing tarung nglawa awakmu. 12 Jaganen kelakonmu sing apik ing antarane wong-wong sing urung ngandel ben anger deweke gawe laramu kanggo lakon sing jahat, deweke bisa ndeleng lakonmu sing apik lan arep mulyakena Allah ing dina pelawatan. Manuta Karo Sing Duwe Wewenang 13 Kanggo asma Allah, nuruta maring saben golongan pemerentah sing ditento kena nang menungsa apa kuwe maring Raja sing wewenange duwur. 14 Utawa maring gubernur-gubernur sing diprentah nang raja kanggo ngadili sing pada nglakoni ala lan awih pengalon maring wong-wong sing nglakoni apik. 15 Merga ya kuwe karepe Allah; nganggo kelakuan sing apik, kowe nutupi wong bodo sing ora ngerti. 16 Uripa kaya wong sing bebas, ning aja nggunakena kebebasan mu nggo kedok, tumrap kelakuan sing Ala kosok baline, uripa dadi imam-imam Allah. 17 Ajenana kabeh wong, tresnani sedulur-sedulur seiman manut karo Gusti Allah, lan ajenana Raja. Kesengsaraan Kristus Nggo Contoning Urip 18 Imam-imam nungkula maring pimpinanmu nganggo sekabehane hormat, ora mung maring wong akeh sing apik lan ngelmbah manah, nanging uga karo wong-wong sing ora adil. 19 Merga gambarna ketresna sejati, miturut kesadarane karo Gusti Allah, sawijining wong arep nahan sejroning kesengsaraan merga ora adil. 20 Merga, apa olehmu angger kowe kuat nampani ukuman merga kelakuanm sing dosa? nanging angger kowe sengsara merga kelakuan apik lan kowe nampani kanti kuat, kelakuanmu kuwe ditampa nang ngarepi Gusti Allah. 21 Merga, kanggo kuwe kowe diundang, sebab Kristus uga wis sengsara kanggo kowe ninggali conto kanggo kowe ben kowe ngetutena tingkah lakune Yesus. 22 Deweke ora nglakoni dosa, lan ngreka daya ora nana nang tutuke. 23 Wektu Deweke diece, Deweke ora mbales karo ejekan wektu deweke sengsara, Deweke ora ngancam, nanging pasrah awake Dewek maring Gusti Allah sing arep ngadili kandi adil. 24 Awak Deweke wis nanggung dosane wong akeh nang awake Yesus nang kayu salib ben inyong kabeh ora nanggung dosa lan urip kanggo bebener, karo wilar wilure Yesus kowe dislamatena 25 Biyen kowe kaya wedus sing sateruse kesasar nanging saiki kowe wis bali maning karo sing angin wedus lan sing ngayoni awakmu dadi pangon maning.