Pasal 3

1 anggota-anggota jemaatmu supaya deweke tunduk maring pemimpin-pemimpin lan penguasa negara, sarta taat lan siap ngelakoni kabeh perkara sing apik. 2 maring deweke supaya aja mitnah utawa padu karo sapa bae, tapine kudu ndue sikap ramah. Kudune deweke ndueni sipa lemah lembut, maring sekabehane wong. 3 kiye kabeh gemiyen ya bodo, sedela lan ora taat. Kito di perbudak nang aring pirang-pirang nepsu lan kepenginan; kiye kabeh urip karo niat-niat elek lan iri ati, sarta pada musuhan. 4 Gusti Allah, Juru selamet kiye kabeh nidok na asih lan keapikan atine maring kiye kabeh. 5 nyelametaken kiye kabeh, udu merga kiye kabeh uwis ngelakoni sijine perkara sing apik, tapine merga panjenengane kiambak sing ngasihi kiye kabeh. Panjenengane nyelametaken kiye kabeh liwat Roh Gusti Allah, sing aweh meng kiye kabeh kelahiran anyar lan urip anyar karo dalan mbasuh kiye kabeh. 6 Allah nyurahken Roh Allah maring kiye kabeh karo lantaran Isa Almasih, Raja Juru Selamet kiye kabeh, 7 merga rahmate Isa, kiye kabeh rukun maning karo Gusti Allah lan kiye kabeh ulih sejatine urip lan langgeng sing kiye kabeh arep-arepaken. 8 kie bener banget. Aku kepingin koe negasna perkara-perkara kie, men wong-wong sing percaya maring Gusti Allah temen-temen berusaha nggo ngelakoni penggawean-penggawean sing apik lan berguna nggo sekabehane wong. 9 debat-debat sing ora nana gunane, cerita-cerita asal muasal, padu lan gelutan ngenani hukum agama. Kabeh kue ora nana paedaeh lan ora nana untunge. 10 sing nyebabna pecah belah nang njerone jemaat, kudune di elingna pisan pindo; bar kue aja maning bergaul karo deweke. 11 ngerti yen wong sing kaya kue rusak lan dosa-dosane mbuktikna yen deweke salah. 12 seuwise aku ngutus Artemas utawa Tikhikus meng koe, usaha secepete nggo teka meng aku nang Nikopolis, merga aku niat meneng nang kana semangsa musim atis. 13 temen-temen nggo ngerewangi Zenas, ahli hukum kue, lan Apolos supaya deweke bisa mangkat lan ora kekurangan apa-apa. 14 dewek kudu belajar perkara-perkara sing apik supaya bisa menuhi kebutuan-kebutuan sing diperlukna banget; aja nganti deweke urip ora nana gunane. 15 sedulur sing ana bareng karo aku, kirim salam maring koe. Sampekna salam kiye kabeh maring batir-batire dewek sing seiman. Moga-moga Gusti Allah mberkahi sedulur sing seiman.