Pasal 2

1 koe, Titus, kudune koe ngajarna ajaran sing pas. 2 wong lanang sing tua, men supayane pada nahan diri, wicaksana lan urip dadi wong sing patut di hormati. Deweke kudune cekelan maring ajaran sing benerkan Gusti Allah, welas asih sepenuhe lan sengsara kanti sabar. 3 kue bae kudune koe aweh nasehat maring wong wadon-wadon sing tua supaya kelakuane deweke pas karo apa sing patut kanggo wong sing urip khusus kanggo Gusti Allah. Deweke ora ulih mitnah wong liya, lan ora ulih kecanduan minuman sing mendemi. Deweke kudu ngajari perkara-perkara sing apik, 4 karo kaya kue deweke bisa mulang wong-wong wadon enom kon melasi bojo lan anak-anake, 5 bijaksana, urip suci lan dadi biyung sing ngurusi keluarga sing apik sing patuh maring bojone karo kaya kue ora nana wong sing bisa ngina beritakan Gusti Allah. 6 kue, nasehati wong-wong enom men deweke dadi bijak sana. 7 njerone perkara, kudune koe dadi teladan sing maen. Nek koe ngajar, koe kudu jujur lan temen-temen. 8 ucapan-ucapan sing bijaksana, sing ora bisa di ina ngewong, men musuh-musuh mu dadi isin, merga ora nana perkara-perkara elek sing bisa diucap na maring kiye kabeh. 9 kudu tunduk maring majikane, lan nyenengna atine maring sekabehe perkara. Deweke ora ulih mbantah, 10 nyolong. Kudune deweke nunjukna yen deweke terus ndue sikap apik lan setia, men karo sikap deweke kue wong muji ajarane Gusti Allah, Juruselamet kiye kabeh. 11 Gusti Allah wis nunjukna rahmate nggo nyelametna kabeh umat menungsa. 12 Gusti Allah kue mulang kiye kabeh men ora urip maning musuhan karo karepane Gusti Allah lan ora nuruti kepenginane jagat kie. Kito diwulang kon urip nang jagat kie karo ngerti nahan diri, tulus lan setia maring Gusti Allah. 13 kiye kabeh agi ngenteni dina sing di arep-arepna kue; nang dina kue jagat arep weruh kemuliaane Isa Almasih, yakue Gusti Allah sing Maha Mulia lan Raja Juru Selamet kiye kabeh. 14 sampun ngorbana Dirine kanggo kiye kabeh kanggo mbebasaken kiye kabeh sekan aring sekabehane kejahatan, lan ndadekna kiye kabeh sijine umat sing bebas sekan dosa lan sing dadi Dueke tok, sartane sing rajin nggawe apik. 15 kabeh kue, lan nasehatilah, sarta elingna sing pada ngerungokna koe karo kewibawaan. Aja nganti sijine eweong bae nganggep koe ina.