Pasal 6

Ngenani perkara hukum nang antara wong percaya 1 Nalika salah siji sekang koe due perkara karo sing lia, apa deweke wani lunga nggo ngelet pengadilan nang ngarepe wong-wong sing ora bener lan ndu nang ngarepe wong-wong suci? 2 Apa koe ora ngerti yen wong-wong suci arep ngadili jagad? Nek jagad diadili nang koe, apa koe ora patut nggo ngadili perkara-perkara sing cilik banget? 3 Apa koe ora ngerti yen inyong kabeh arep diadili para malaikat? Apa maning kur perkara-perkara biasa sedina-dinane! 4 Dadi, yen koe ngadepi perkara-perkara biasa sing kaya kue, nanggapa koe ngawa maring deweke sing ora kapetung jroning umat? 5 Inyong ngomongena kiye men koe isin. Apa ora nana se-ewong nang antarane koe sing wicaksana, sing sanggup ngurusi perkara-perkara nang antar sedulur-sedulure? 6 Malah, antar sedulur karo sedulur ngolet pengadilan nang ngarepe wong-wong sing ora percaya! 7 Sebenere, uwis dadi kegagalane koe merga koe nduweni perkara-perkara hukum nang antarane koe. Nang ngapa koe ora lewih senang dirugikena? 8 Sewalike, koe dewek salah lan ngrugi kena. Tur koekabeh nglakoni maring sedulur-sedulurmu. 9 Apa koe ora ngerti yen wong wing ora bener ora arep nampani warisan kratoning Allah? Aja pada kesasar! Wong-wong jina, sing nyembah brahala, wong-wong sing pada jina, wandu, wong lanang jina karo wong lanang, 10 Kang nyolong, wong-wong sing pada mbrangas, kang mendem, kang mitnah, lan tukang ngapusi deweke kabeh ora arep warisi Kratoning Allah. Koe kabeh ya kaya kue. 11 Ningen, koe uwis diresiki, uwis disucikena lan uwis dibenerena nang sajroning Gusti Yesus Kristus lan sajroning Gusti Allah inyong kabeh. Ngindari Perjinaan 12 Sekabe-he tek olihkena nang inyong, nanging ora kabean migunani. Pancen sekabe-he tek olih kena nggo inyong, naning inyong ora arep dipeksa nang apa bae. 13 Panganan nggo weteng, lan weteng nggo panganan, naning Gusti arep nganurena kaloro-lorone. Badan udu nggo jina, nanging kagem Gusti, lan Gusti nggo badan. 14 Gusti Allah nangikena Kristus lan arep nangekena inyong kabeh merga saka penguasane. 15 Apa koe ora ngerti yen badan-mu koe anggota-anggota pejina? Ora babar pisan. 16 Apa koe ora ngerti wong sing rumaket maring tunasusila dadi manunggal sebadan. 17 Mbok menawa, wong sing manunggal karo Gusti dadi siji karo panjenengane. 18 Pada ngedohena laku jina! Saben dosa liane sing wong nglakoni nang njaba badane, nanging wong sing jina, doosa maring badane dewek. 19 Apa koe oora nerti yen badan-mu kue Bait Sang Roh Suci, sing ana sajroning koe, sing koe tampani sekang Gusti Allah, lan yen awak-mu ndu duweke koe dewek? 20 Merga, koe uwis tebus karo rega sing lunas. Mulane, ngluhurna Gusti Allah karo badan-mu.