Pasal 5

Dosa Jina nang Sajroning Pasamuan 1 Pancen wis dilaporena yen ana perjanjian nang antarane kowe kabeh, perjanjian sing ora nana nang antarane bangsa-bangsa lia, yakuwe ana wong nyukut bojone bapake. 2 Lan kowe gemedog! Ya mbok kowe kudune priatin men wong sing nglakoni kelakuan kiye disingkirena nang antarane kowe? 3 Pancen, secara badan inyong adoh, nanging aku teka sajroning roh. Lan inyong wis nibakena ukuman nggo wong-wong sing nglakoni bab kuwe, kaya-kayane inyong teka. 4 Sajroning asmane Gusti Yesus, wektu kowe kabeh kumpul, lan inyong karo koew sajroning roh karo kuasane gusti inyong kabeh, Yesus, 5 inyong wis mutus-ena nggo ngeweh-ena wong kiye maring Iblis nggo mbinasakaken kedaging-ngane men roheh olih dislametaken nang dinane Gusti. 6 Gemedege koe ora apik. Apa ko ora ngerti nek yen ragi setitik bae bisa ngrageni kabeh adonan? 7 Bersihi kabeh ragi sing lawas men koe dadi adonan sing anyak, jalaran koe pancen ora nganggo. Mergo, Kristus, wedus Paskah koe kabeh wis sebelah. 8 Mula kuwe, ayuh koe kabeh nganakena pesta kuwe, udu karo ragi sing lawas, udu sekang ragi piala lan duraka, nanging nga nggo roti sing ora beragi sekang keaslian lan kebeneran. 9 Inyong nulis surat nggo kowe : aja srawung karo wong-wong jina. 10 Maksude inyong, udu karo wong-wong jina nang dunia kiye, wong-wong brangas, tukang ngapusi, utawa kabeeh wong sing nyembah brahala. Nek kaya kuwe, kowe kabeh kuddune metu sekang jagat kiye. 11 Nanging siki inyong nulis nggo koe, aja srawung karo wong-wong sing ngaku sedulur nyatane deweke nglakoni jjina, mbrangas, menyembah brahala, initnah, mabok apa nipu. Mulane aja mangan karo wong kaya kue. 12 Merga, apa urusane inyong ngadili wong-wong njaba? Arepa koe ngadili deweke sing ana sajronign umat? 13 Nanging Gusti Allah sing arep ngadili deweke sing nang njabane umat. Mula kuwe, urak bae wong sing nglakoni barang ala sekang antarane koe.